Ujub Niat Slametan
Tembung ingkang kangge niat ujub menika kedah lugas nanging nengsemaken. Lugas, kersanipun sedaya kemawon saged mangertosi sarining karep miwah ingkang dipun andharkaen. Endah, supados ingkang mirengaken saged sengsem lan bingah. Awit saking punika, saged ngginakaken tata cara kados makaten.
Nilai Kaslametan
pinangka purwakaning atur kepareng ngaturaken assalamualaikum warahmatullahi Wabarakatuh njunjung dhuwur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan.
Nilai Kaimanan
pangestu panjenengan dipunsuwun ing dinten kalenggahan menika perlu ngracik ambeng nggelar gendhuri bekti dhumateng Gusti Allah ugi para Rasul-rasulipun
Nilai Katakwaan
njunjung dhuwurdhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan katentreman dhumateng kita sedaya jer nyatanipun dinten kalenggahan menika kita saged pinanggih kanthi karahayon awit pangayomanipun Gusti Allah nggelar slametan uga minangka tandha bektimarang Gusti Allah lan para rasul-rasule
Nilai Kawaskitan
gimbal grising niyate mbrastha naga dina kala dina, naga taun kala taun was sangar tali wangke, kala wangke rijalolah jabung wuku kuburi pasung darun bisa sampurna pungkasan anggone nampa pasihing pangeran
Nilai Pepesthen
panyuwune mugi-mugi ingkang Maha Kuwaos paring kawilujengan katentreman dhateng Lastri anggenipun nampi wahyune jodho ing dinten Selasa Kliwon Ingkang Maha Kuwaos maringana kawilujengan katentreman, dadia kaya dene kaken-kaken ninen-ninen salaminipun.
Nilai Katumatan
tuwuhipun wiji sangking Gusti Allah turundhateng bapa Adam ibu Hawa turun dhateng kaki nini turun dhateng bapa biyung turun dhateng jabang bayi jangkep pitung wulanipun pados toya suci slamet wilujeng ayem tentrem Gusti Allah paring kabul
Nilai Karukunan
Jajan Colomeni (jajan sawernane jajan) niyate kangge metri ngembang pari rusak taman mugi temanten sekalian guyub rukun ayem tentrem bagya mulya Gusti Allah ngijabahi sedaya kinabulan panyuwunipun
Nilai Pakurmatan
metri wiwitan etan pungkasan kilen kutu-kutu walang togo sing ngrasuk agama Islam Seh Subakir sing numbali tanah Jawa Malaikat Khasim sing nata sandhang tedha Baginda Ilyas Baginda Kidir Mbok Sri Unon sing ngatur iline toya Empu Gendhing Empu Gemblep Empu Domas Empu Kromoyadi, juru tani dukut banyu bendung segara nabi wali mukmin para usada sing nyebarake agama Islam kabeh dimemule lan dipetri nyuwun kabul panyuwune
Nilai Kaagungan
niyate metri turutan saking bapa biyung anggenipun nampi pasihing Pangeran jangkep pitung wulan, yen dumugi lek’e jabang bayi gangsar mayar slamet wilujeng Gusti Allah paring kabul
Nilai Kaluwargan
pinangka purwakaning atur kepareng ngaturaken Assalamualaikum Warramatullahi Wabarakatuh njunjung dhuwur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan katentreman dhumateng kita sedaya jer nyatanipun dinten kalenggahan menika kita saged pinanggih kanthi karahayon awitpangayomanipun Gusti Allah. Amin Amin Amin Ya Robbal Allamin
Nilai Katentreman
niyate memule panutan dina pitu pasaran lima kang nyiptakake ibu bumi bapa kuwasa bumi kerta banyu tawa sing cikal bakal sabet sapone dimemule jenang sepuh mugi wilujeng ayem tentrem Gusti Allah ngijabahi kabul panyuwunipun
Nilai Kamengerten
Nuwun kawigatosanipun mbok bilih mangke anggenipun kula matur kirang pana kirang nuju prana kepareng kula nyuwun pangapunten ingkang saageng-agengipun pramila kanthi linambaran pepayungan budi rahayu ngaturaken sewu agunging akrami.
Nilai Kaandhapasoran
Nyuwun sewu ing ngriki kula pinangka sesulihipun Pak Sukiran sekalian dinten kalenggahan menika nyuwun tambahing pangestu dhateng panjenengan ugi mboten kesupen ngaturaken sugeng rawuh pangestu panjenengan dipunsuwun ing dinten kalenggahan menika perlu ngracik ambeng nggelar gendhuri bekti dhumateng Gusti Allah ugi para Rasul-rasulipun.
Nilai Katresnan
pangestu panjenengan dipunsuwun ing dinten kalenggahan menika perlu ngracik ambeng nggelar gendhuri bekti dhumateng Gusti Allah ugi para Rasul-rasulipun mugi-mugi anggenipun nampi wahyuning Pangeran ngandhut kawulaning Allah sampun jangkep pitung wulanipun mugi Gusti Allah paring berkah barokah kawilujengan katentreman
Nilai Nguwongake
nyuwun sewu ing ngriki kula pinangka sesulihipun Pak Hadi sekalian dinten kalenggahan menika nyuwun tambahing pangestu dhateng panjenengan ugi mboten kesupen ngaturaken sugeng rawuh pangestu panjenengan dipunsuwun ing dinten kalenggahan menika perlu ngracik ambeng nggelar gendhuri bekti dhumateng Gusti Allah ugi para Rasul-rasulipun
Nilai Ngayomi
Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan katentreman dhumateng kita sedaya jer nyatanipun dinten kalenggahan menika kita saged pinanggih kanthi karahayon awit pangayomanipun Gusti Allah
Tembung Saroja
mugi-mugi anggenipun nampi wahyuning Pangeran ngandhut kawulaning Allah sampun jangkep pitung wulanipun mugi Gusti Allah paring berkahbarokahkawilujengan katentremanpinaringa rahayuwilujeng ayem tentrem.
Tembung Camboran Wutuh
niyate nyambung tuwuh tuwuhe wiji saking Gusti Allah tumurun dhateng Bapa Adam Ibu Hawa turun dhateng kaki nini turun bapa biyung turun dhateng ingkang anggarbinana, yen ta wus lek’e jabang bayi bisa gangsar mayar.
Tembung Entar
niyate mule dina pitu pasaran lima sing nyipta sang ibubumi bapa kuwasa bumi kerta banyu tawa leluhur sing cikal bakal sabet sapone kabeh dimemule jenang sepuh panyuwune muga-muga Gusti Allah ngijabahi kabeh kinabulan panyuwunipun.
Dasanama
niyate nyengkalani dina pitu pasaran lima rina wengi icala beka sengkala balung tinumpuk getih cinelung glondhong pangareng-ngareng dikebata barat lan angin kantuna rahayu wilujeng Gusti paring kabul.
Pepindhan
sedaya dipun memule jenang sepuh panyuwune mugi-mugi ingkang Maha Kuwaos paring kawilujengan katentreman dhateng Lastri anggenipun nampi wahyune jodho ing dinten Selasa Kliwon Ingkang Maha Kuwaos maringana kawilujengan katentreman dadia kaya dene kaken-kaken ninen-ninen salaminipun.
Purwakanthi Guru Swara
niyate mule dina pitu pasaran lima sing nyipta sang ibu bumi bapa kuwasa bumi kerta banyu tawaleluhur sing cikal bakal sabet sapone kabeh dimemule jenang sepuh panyuwune muga-muga Gusti Allah ngijabahi kabeh kinabulan panyuwunipun
Purwakanthi Guru Sastra
Allohumma jejeg jeneng jenengna mangku alam lungguhna krabating Allah slameta kahanane slameta penganut Muhammad sanggang sunggung sanggarwaringin ngiyupana sangisore mbok Sri Sadana berkat kuwat slamet antuk pangandikane Gusti Allah.
Purwakanthi Guru Basa (Lumaksita)
Allohumma jejeg jeneng jenengna mangku alam lungguhna krabating Allah slameta kahanane slameta penganut Muhammad sanggang sunggung sanggar waringin ngiyupana sangisore mbok Sri Sadana berkat kuwat slamet antuk pangandikane Gusti Allah.
Kagem ujub piranti, miwah jangkeping sajen, saged mirsani wonten ujub piranti slametan.