Babagan miwah Tatacara Kembar Mayang

Ingkang kasebat Kembar Mayang utawi winastan Sekar mancawarna Kembar Mayang inggih menika anami Kayu Klepu:

  1. Dewandaru,
  2. Jayandaru,
  3. Kalpataru,
  4. Puspowarna

Ing sadengah papan wonten ingkang cacahipun catur, wonten malih ingkang namung kalih. Dene rupinipun inggih wonten ingkang kembar, nanging wonten malih ingkang kembaripun sepasang. Ingkang kagem paugeran bilih mboten wonten kembar mayang ingkang namung sajuga.

Ingkang duk nalika samana rinakit dening widadari kaswargan cacah pitu. Naminipun para widadari ingih punika :

  1. Supraba,
  2. Irim irim,
  3. Tunjung Biru,
  4. Warsiki,
  5. Gagar Mayang,
  6. Leng Leng Sari,
  7. Mandandanu

Isen

Dene uparengganipun Kembar Mayang karinumpaka saking :

  • Debog,
  • Mayang,
  • kembang jambé,
  • Janur,
  • Godhong andhong,
  • Godhong girang,
  • Godhong Wringin,
  • Cengkir gading,
  • Nanas,
  • Melati,
  • Kembang Kantil,
  • Pari lan Kapas,
  • Tebu wulung,
  • Godhong-godhongan
  • Sindur Gula-Klapa

Sesampunipun rinantam miwah rinengga, wewujudanipun kados dene gambar ing nginggil. Miturut serat gancaran ingkang satuhu ing kraton ngajogjakarta. Kembar mayang wajibipun mawi rerenggan warna sekawan: Manuk, Candi, Walang (wonten ingkang nyebat urang) miwah keris ingkang sedayanipun rineka saking janur.

Sedaya kala wau tuhu mengku teges. Bilih gancaripun kados makaten. Oyodira sinebat Bayu Bajra, Dedeging wandira sinebat Kayu Purwa Sejati, Pang-pangira sinebat Keblat Papat. Pang-pang menika kala wau ingkang manglung mangalor sinebat andong birawangga, ingkang mangetan katelah girang puspadriya, ingkang mangidul winastan janur nurcahya, dene ingkang mangulan naminipun waringin jati laksana.

kembarmayang

Ronira sinebat Pradapa Mega Rumembe, Sekarira sinebat Dewadaru Jayadaru, Wohira sinebat Daru lan Kilat.

Oyod winastan Bayu Bajra Minangka pasemon kekiyatan. Lire Sri Panganten ing tembe kumedah kiyat lair trusing batos. Ing pangajab, gesange ing samangke tan gampil kasempyok ing aradan, kang tundhone bisa nuwuhake rengka miwah ringkihing bebrayan.

Wit ingaran Kayu Purwa Sejati Werdine: Wiwiitaning urip mangun brayan linambaran kuwat miwah santosaning batin. Ingajab antuke bebrayan bisaa pinaringan kanugrahan katentreman, kalis ing rubeda, nir ing sagung sambekala.

Kadyadene ingkang kaserat ing tembang

Kayune purwå sejati
Pangirå jagat godhong kinaryå rumembe
Apradåpå kekuwung
Kembang lintang salågå langit
Woh suryå lan tèngsu
Kasirat bun lan udan
Puncak akåså bumi bengkah pratiwi
Oyodè bayu båjrå

(Hadiprayitno, 2009:47)

Pang kang winastan Keblat Papat. Pasemone : Mugya ing tembe jumangkahe Risang Pinangantyan sarimbit miwah kabetahaning ngagesang pinaringan gampil, hengga pinter hanggayuh bagja miwah bagya mulya.

Ron sinebat Pradapa Mega Rumembe. Werdine: Gegambaran gumelaring antariksa ingkang kawistingal hangendhanu, pratandha yen arsa tumurun tirta, ya kang kawastanan toya jawah, ya kang tuhu binutuhaken dening sawe¬gung titah ing madyapada, kang jangkepnya kedah sinartan mitra kang awujud agni, maruta miwah bantala.

Sekar Puspa kang sinebat Dewadaru Jayadaru, lan Woh kang sinebat Daru miwah Kilat. Pasemon bleger pangawaking wanodya kang hanggung ginadhang, sawusnya winengku priya, pinter nuwuhake putra utama putri utami. Nulya ginulawenthah murih bisa dadya jalma kang utama, wasis hanjunjung drajating ngasepuh gya kaloka kawentar ing ngakathah sinudarsana ing sasama.

Sekar Mancawarna sinandhangan degan sajodho. Werdine: Pasemon tumrap Sri Panganten sarimbit, murih nggennya amangun bale wisma hanetepi jodho kang pinasthi, lire bisa silih sih-sinisihan pindha hanggane mimi kang nuju hamintuna, guyup¬rukun lair trusing batos, kawiwitan saking donya dumugi delahan. Dene isine degan yaiku tirta wening kang tuhu meneb. Pralampitane: Sri Panganten sarimbit den ajab bisa wening ing pamikir, meneb ing kalbu, makartining cipta, rasa miwah karsa, lire bisa jumbuh kang ginayuh sembada kang sinedya.

Panebus/Panumbas:

Image may contain: one or more people, wedding, table, flower and indoor

Adicara Tebus kembar mayang utawi tumuruning kembar mayang, kaleksanan sawisipun upacara nyantrik. Inggih menika dalu sasampunipun Siraman utawi malem saderipun temu. Mboten wonten andaran wayah menapa ingkang satuhu sae sanged. Namung ingkang kaprah kaleksanan sawisipun panglong nganti tumapaking sirep bocah.

Paraga panebus kembar mayang sejatinipun namung kalih. Ingkang nebus kembar mayang kekasihpun Saraya Jati, dene ingkang mbabar peparab Wasesa Jati. Tindakipun saking ndalemipun hamengku gati sajak nawung sungkawa limrahipun tiyang bingung. Tindakipun Saraya Jati nganti paraga saperangan ingkang kajibah ngasta syarat utawi sarana tebusing kembar mayang.

Nenggih pamboyonging Sekar Mancawarna, kedah sinartan sarana kang ginelung tri prakara pinangka panebus:

1. Sadak Lawe sajodho

Sadak lawe menika kadadeyan saking godhong suruh pinilih ingkang temu rose-e. Rinajah mawi enjet lajeng kagulung sawetawis. Sesampunipun kagulung tinangsulan sarane lawe utawi tali putih.

Pasemone: Sri Pangantyan sarimbit nggennya amangun bale griya, mugya tinangsulan kalayan talining akrami kang awujud Pustaka Pikukuhing Palakrama, mila nulya kaiket dening marupi-rupi jejibahan kang tan kenging sinangga lamba. Jejering jalu, kedah hanetepi kuwajiban anggennya hamengku garwa, minangka rabine, dene pawestri ugi kinedah bekti mring kakung minangka jejering guru lakine.

Dene gantal utawi sadak kena pinangka sarana ngendi-kapan wenten kenya ingkang wus lungse mangka, kamangka dereng winengku ing kakung, den saranani kalayan sadak lawe kasebut, kaajab agya tumuli antuk jatukrama.

2. Klasa Bangka/Tilam Lampus

Ingkah kaprah kadadosan ing njawi, klasa menika taksih enggal. Sejatosipun menika sisip. Amargi ingkang dipun kersakaken klasa utawi tilam ingkang sampun nate dipun agem. Tilam Lampus, kang arise sinulam suket kalanjana iku tuhu pasemon gumelaring aurip. Lamun titah iku wus sampurna, ing uripe, mangka kedah hangambah talatah tataran tundha tiga, kang winastan “Triloka”; dene peprincene :

  • Loka Pana: Ya jagad padhang jagading bayi ingkang nembe lair. Gegambaran yen titi wanci iku, titah kang nembe lair nyumurupi padhanging jagad.
  • Loka Madya: Ya sinebut Jagad Kadiwasan. Titah kang wus wanci hangancik kadiwasan iku, kedah leladi marang uripe, candrane yayah Sekar Mijil kang gya manangkil:

Dipun esthi mrih darbe pribadi
kang geleng gumolong
mangun uripjejeging brayate
mring bebrayan bisa murakabi,
gung ing sasami bekti ing Hyang Agung

  • Loka Baka: Hya sinebut Jagad Kalanggengan. Titah iku sanajan urip lana, yen wus tumeka titi wanci dhumawahing pasthi, wus tan bisa suwala. Mung kedah wangsul marang mula-mulanira, manjing jagad langgeng.

3. Kedah winangsulaken.

Yen wus paripurna wohing gati, Sekar Mancawarna, kedah winangsulaken ing papan kang sajuga, ya ing catur dhendha/marga catur ya kang sinebut prapatan Nering pangesthi:

  • Mbuwang sukertaning Sri Panganten sarimbit, murih sirna saliring memala, cinaket ing bagya mulya.
  • Mangsulaken Sekar Manca¬warna, karana wus purna sawegung gati.

Utawi dipun bucal wonten sanginggilpun terop ngajeng. Wonten malih ingkang mrayogikaken dipun larung wonten benawi.

Sesampunipun jangkep andaraning Kembar mayang, tumuli Wasita Jati mantrami ponang kembar mayang rinengga ing sesuluk:

Kayune purwa sejati, Pang ira jagat godhong kinarya rumembi, Apradapa kekuwung, Kembang lintang salaga langit, Woh surya lan tengsu, Kasirat bun lan udan, Puncak akasa bumi bengkah pratiwi, Oyode bayu bajra

Sekar kembar mayang binoyong binarung segahan Sekar Dhadhanggula kang kasugata:

Hanyarkara sinanggit mernanis, hangrumpaka Sekar Mancawarna, dahat endah ing warnane, warna-warna sinebut, kembar mayang dennya mastani, pranyata edi endah, nenggih kalpataru, mamet sengseming wardaya, Dewadaru Jayadaru edi peni, mustikaning puspita

Nut carita duk ing uni-uni, ila-ila ujaring pra kina, gung pinundhi prapteng mangke, kembar mayang puniku, rinakit ing pra widadari, kinarya sung nugraha, satriya linangkung, ingkang asung bekti darma, labuh labet mring dewa kang, mahaluwih hamberat sukertengrat

Kalampahan dumugi sapriki, dadya srana kang apalakrama, mangka jangkeping pasrene, sinten kewala mantu, amiwaha atmajaneki, mahargya marang putra, ingkang nedya dhaup, parikedah kanthi srana, ubarampe wujuding puspita adi, winastan kembar mayang

Kang mangkana esthining panggalih, amrih bisa lestarl widada, sri pangantyan kekarone, jinangkung ing Hyang Agung, saniskara ingkang kaesthi, sembada kang sinedya, jumbuh kang ginayuh, guyup rukun ing bebrayan, sih-sinisihan panganten kakung myang putri, winantu bagya mulya

Video gladen