Tri Kahana Loka
Bebuka
Rinengga sagunging karahayon
Nuwun awiyosipun :
Jer jejering kita manungsa gesang, kita kedah enget dhumateng gesang kita pribadi, kita kedah tresna dhateng sesami, kedah percados dhateng gesangipun tuwin batosipun piyambak-piyambak. Sampun ngantos gugon-tuhon, sampun pitados memuji kayu-watu utawi nyembah brahala sesaminipun.
Kedah nyantosaaken kapitayan dhumateng badanipun tuwin batosipun piyambak.
Menggah wontenipun gesang kita punika, mboten saged dipun pisah-pisahaken kaliyan wontenipin Gaib, inggih punika Gaibing Gusti Ingkang Maha Suci ingkang langkung samar.
Mila ing ngriki nuwun-nuwun sewu, dene kumawantun kula badhe nyingkap wewados kahananing dumados, ingkang kula gelar wonten ing salebeting Primbon punika. Supados pada Kadang Warganing Ngelmi Kabatosan sampun ngantos kerut dhateng panasaran.
Awit sapunika taksih kathah sanget para Sadherek ingkang saperangan, Para Paguron medhar Ngelmi Jaya-Kawijayan/Kanuragan ingkang dipun tanem dhumateng para Putra-Putri sanesipun ingkang kerut dhateng ngelmi maksiat kasebat ing nginggil.
Ing ngriki perlu kula terangaken, menggah dunungipun ngelmi Jaya-Kawiyajan/Kanuragan punika : kula wastani ngelmi karang, tegesipun : Kula umpamekaken sekar boreh, utawi kaca linabur wedhak umpaminipun.
Awit mekaten :
Ngelmi Jaya-Kawijayan/Kanuragan punika wonten sanjawining kulit daging. Mila kita ingkang sampun ngagem ngelmi tuwin elmi kebatosan, utawi malih ingkang sampun percados kaliyan badanipun piyambak-piyambak sampun mboten mbetahaken, awit mboten wonten damelipun.
Pramila ing salebeting Primbon punika badhe kula gelar sejarah wontenipun ngelmi Jaya-Kawijayan uger naming dipun sumerepi kemawon, wewaton wosipun sampun mangertos ingkang dipun artosi.
Naming ing ngriki kula nyuwun mawantos-wantos, sampun ngantos dipun lampahi saestu.
Awit sampun kula terangaken ing ngajeng, menggah ngelmi Jaya-Kawijayan/Kanuragan punika kula umpamekaken sekar boreh. Lajeng dipun wastani ngelmi karang, tegesipun mboten saged langgeng.
Mila kedah ngudi ngelmi ingkang sanyatanipun, bilih pinanggih pancabaya sampun ngantos ambalenjani.
Semboyanipun:
- Sampun pegat katresnaning batin.
- Sampun pegat kaprayitnaning batin.
- Kedah percados dhateng badanipun piyambak.
Rawe-rawe karantas, malang-malang kaputung. SOCA LUDIRA lebur dening pangastutiningsun.
(kalis sakehing bebaya)
Guru Mirunggan
Ttd.
S. SOERYOSANDJOJO.
PEPILING WULANG REH LIMA YEN WAKTU KETAMAN :
- Sakiting Badan, mangesthia: Trima, Temen, Rila, Legawa.
- Rekasaning Badan, mangesthia: Betak, Mangungkak, Lembah, Memanah.
- Petenging Manah, mangesthia: Heneng, hening, Awas lan Eling.
- Sakiting Manah, mangesthia: Tata, Titi, Tetep, Kandel, Kumandel, Bandel lan ati-ati.
- Pakeweting Manah, mangesthia: Kendel, Netel, Ngandel lan percaya.
PANGANDIKANING GURU SEJATI :
Kita iki urip kang diarani : Jumeneng Manungsa tinitah ing Alam Padhang (Jagad Raya). Kudu sumurup artining patrap, traping susila, tegese : tata-krama, tata-titi, titis, nastiti, ngati-ati, duga-prayoga, temen, sabar, tawekal, narima, tatag-iklas, sumeleh, heneng-hening, awas-eling.
Aja kleru tampa, sebab kabeh iku wis diatur dening : “PANCA NDRIYA”
Mungguh! Kita urip sipating Manungsa asal saka dumadi lan pambudi yaiku kang diarani Pangeran Sanyata, tegese Wujude kita yekti.
Mula saka iku kita jumeneng Wong Ngaurip, lumaku satindak kudu ngawruhi hananira. Aja dhemen lelemeran kudu setya tuhu marang gesangira lan kapitayan marang badane dhewe mungguh lungguhe Aku. Mula nora gampang ya ora angel mungguh lakuning manungsa (Jalma), sak bisa-bisa aja sok nyidrani janjinira kang wus kawijil, pangandika : Sabda Pandhita watak Utama.
Yen cidra temahing bilahi. Kita temen bakal tinemu. Kita becik ketitik, kita ala pasti ketara.
Mula pumpung kita masih urip, padha sira ngudia ngelmu kang sanyata, ing ngendi lungguhing Ilmu margane pra Samya ngudi tuwuh, kudu tumindak :
- Saraya
- Tresna
- Setya
- Prasaja, lan
- Utama, jer jejering Manungsa.
Keterangan ing nginggil punika sumarah Para Kadang sadaya.
Bab : 0. SESUCI BATIN
Sang banyu sarira sesuci ana Ingsun, suci njaba suci njero. Sang Banyu Anom Badanku kari sampurna. Amarolah, manikolah, Dat Suci Jinabati, Rohgilapi Suci Mohamad, Kasucenan dening Rasulolah. Pasrah Salira, Ingsun turu lawan Nyawa lan Sukma, Ingsun ya Nurcahya, cahyaning Jasad Ingsun, teteken Mohamad, ya aku rasaning Gusti, Urip tan kena Pati, Langgeng tan kena Owah Gingsir ing kahanan Jati,
Keterangan :
Sadurunge maca gelaring Jagad Dumadi sapiturute, kudu maca sesuci ing ndhuwur iki dhisik, supaya waskitha lan gangsar samubarange.
Bab : I. GUMELAR ANANING JAGAD DUMADI LAN JAGAD RAYA
1.
Sadurunge awang-uwung nguwung maksih durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin yaiku : Dating Gusti Kang Maha Kawasa. Yaiku kang mengkoni Nukat Gaib. Sebab saka Gaibing Gusti Kang Kawasa karsa anyebar wiji, Gusti Kang Maha Kawasa nyabda mujudake Siti-lempung. Siti kacipta dadi kaya dene Reca/Golekan sakembaran sing diarani (asma) : 1. Adam sepisan lan 2. Kawa sepisan. Nanging nalika iku durung gesang. Saka gaibing Gusti Kang Kuwasa, Adam lan Kawa disabda lan dianjingi kang asma Hyang Maha Gesang karo sing diarani Datolah lan Sipatolah lan sapepake piranti jenenge wong Urip. Sanalika iku Adam lan Kawa wis Gesang. Sing diarani Adam sing lanang, dene Kawa sing wadon. Sateruse gempilane Adam dicipta digelar mujudake Jagad Raya hanane Bumi lan Langit lan isen-isening Jagad. Dene gempilane Si Kawa, disabda mujudake Segara anane Banyu sak isen-isene banyu kabeh.
Sawise mangkono, wis wujud ana Jagad Gumelar lan sing diarani Bibite Manungsa wiwit saka Bapa adam lan Ibu Kawa, sebab saka kersa lan kuwasane Gusti Kang Maha suci.
2. Mula den sira kawruhana, Jagad Raya iku Baitane Jagad Dumadi.
Wasana Bapa Adam bisa dhaup karo Ibu Kawa, sateruse Bapa Adam lan Ibu Kawa bisa nurunake wiji salawas-lawase. Turun Adam lan Kawa tansaya ngrebda, nganti saiki bisa muna lan muni ngarani kita iki genah yen turuning Bapa Adam lan Ibu Kawa, Bibit Purwaning Dumadi, banjur bisa muni sakabehing sipate Manungsa ngakoni yen anak-putu canggah wareng udheg-udheg gantung siwur saka turune Bapa Adam lan Ibu Kawa nganti saprene.
3. Hananing pambudi marga saka dumadi. Banjur bisa timbul unen-unen sing diarani : Ilmu lan Ngelmu, dumunung ana ing Panca Ndriya.
Panca Ndriya iki kang bisa ngukir sakabehing Kabudayan. Mula duk ing uni (jaman kuna makunane) diarani Jaman Kabudan. Banjur dianakake Agama Buda. Lah Buda iku Budi sakwise Budi Kabudayan, pokok sakabehing kabudayan iku diatur dening Panca Ndriya.
Sejatining sing aran Agama iku, Busana, Kunci Sejati. Mula ing kene perlu kita aturake mungguh ananing dumadi banjur hanane Pangeran Sanyata. Banjur ana tembung a, i, u, tegese : Aku Iki Urip. Ananing Urip, ana sing nguripi, ananing Kawula sebab ananing Gusti, yen ora ana Gusti wis mesti ya ora ana Kawula.
Sawise mangkono banjur cukul Rasa-Pangrasa, bisa muna lan muni, terus diatur dening Panca-Ndriya.
Ananing Ilmu lan Ngelmu, Sir Kawula manages marang Gusti banjur ana wujud Makna, sing diarani Sidikara, Manekung lan Semedi.
Bab : II. SEMEDI PAMBUKA
1
Ingsun Ajalining Dat Kang Maha Suci. Kang amurba-amisesa kang Kuwasa angandika : (Kun-Payakun)
Mandi saucapingsun, dadi saciptaningsun, katurutan sakarsaningsun, kasembadan sasedyaningsun, mandi-mandi-mandi saka batinku sing sekti. Sing sapa sedya ala maring aku, lebur musna dadi banyu saka dening pangastutiningsun.
2
Ingsun Dating Manungsa Sejati, saiki eling mbesuk ingsun ya eling. Saningmaya araning Mohamad. Sirkumaya araningsun, Sir Datkaton sak sirku, ya Aku sejatining Manungsa Urip tan kena pati. Tetep langgeng tan kenaning owah gingsir ing kahanan jati. Ya Aku Dating kang Maha Suci, Urip sepisan Urip salawase ing ndonya tumekane Jagad langgeng.
3
Ingsun mertobat lan nalangsa maring Datingsun dhewe. Regete badaningsun, gorohe atiningsun, laline uripingsun, salahe panggaweningsun, ing salawas-lawaseingsun, ing dosaningsun kabeh, sampurna saka ing kuratingsun.
Bab : III. GELARING JAGAD DUMADI
1
Sejatine ora ana apa-apa, wiwit duk maksih awang-uwung nguwung durung ana sawiji-wiji lan durung ana Jagad gumelar, kang ana dhingin iku Ingsun. Sejatine kang aran Pangeran iku wujud Ingsun. Sejatine Dat ingkang Maha Suci ingkang ngelimputi ing sipat Ingsun.
Hanane Asma ingkang angandika : Dat ingkang Maha Suci iku ya Gesang kita pribadi karana Ingsun tinitahake saka Anak Adam lan Kawa. Saka Sir patang perkara yaiku saka : Bumi, Geni, Angin lan Banyu, yaiku kawujudan Ingsun. Ing kono Ingsun dianjingi Mudah limang prakara, yaiku : Nur, Rasa, Roh, Budi lan Mapsu. Yaiku warananing wujudingsun banjur anane kang Agama Suci.
2
Ingsun anekseni ing Datingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran nanging Ingsun. Lan Ingsun anekseni satuhune Mohammad iku Utusan Ingsun. Yaiku sejatine kang aran Allah iku badaningsun. Rasul iku rasaningsun, Mohammad iku Cahyaningsun. Ya Ingsun urip tan kena pati, ya Ingsun Eling tan kena ing lali, ya Ingsun kang langgeng tan kenaning owah-gingsir ing kahanan jati. Ya Ingsun kang waskitha, ora kesamaran ing sawiji-wiji, ya Ingsun kang amurba-amisesa, kang wicaksana wis ora kekurangan ing pangerti. Kang amisesani ing Alam kabeh ananing Jagad Dumadi. Byar sampurna padhang terawangan ora krasa apa-apa, amung Insun kang ngelimputi ing Alam kabeh kelawan Kodrad Ingsun.
SIDIKARA
3.
Pamuja ana pamujaningsun sawiji. Date ya Datingsun. Sipate ya Sipatingsun, Asmane ya Asmaningsun, Apengale ya Apengalingsun. Ingsun puja saka patemone tunggal, saka ananingsun sampurna saka ing kuratingsun. Ya Ingsun Manungsa sejati, tetep langgeng tan kenaning owah-gingsir ing kahanan jati. Urip tan kena pati. Byar padhang sampurna, padhang terawangan ora krasa apa-apa.
4.
Ingsun anyebut Asmaning Dat ingkang Maha Suci. Kang Kawasa, kang Angandika : Hanane Gusti, hanane titahing Kawula.
Ingsun anekseni ing Datingsun dhewe. Ingsun ajalining Dating Gusti Kang Maha Suci lan ingsun anekseni ingsun kang aran Mohammad iku dadi utusan Ingsun. Rahman lan Salam panutan Ingsun, yaiku Nur Mohammad waranane teken Ingsun, kang padhang amadhangi ing Jagad sajeroning pepadhang.
Hanane Dat, Sipat, Asma lan Apengal, ya warananingsun kang den arani Pangeran sanyata. Ya araning Manungsa Sejati, ya kawujudan Ingsun. Kanggonan Kitab (Layang) Pancering Urip lan Mancawarna, yaiku wujuding kanggonan Tulis Tanpa papan Kasunyatan.
Hananing Trimurti/Triloka Bawana sing diarani telu-teluning ngatunggal yaiku Jagad tetelu kang nyawiji, tegese : manunggal karepe sajrone telu-teluning Jagad iku mau diatur kahanane : “SASTRA JENDRA WAHYUNING RAD”
Ya Ingsun jumeneng Manungsa sejati kang sinampurna urip tan kena pati, langgeng tan kenaning owah gingsir ing kahanan jati. Waskitha uripku, mandi ing pangucapku, dadi saciptaku wis ora kekurangan ing pangerti lan wis ora kasamaran ing sawiji-wiji.
Sir Kumaya Dat Katon sak Sirku “Kun Payakun”.
Bab : IV. SIDIKARA
1.
Ingsun ngadeg bawana. Buwana tengahing Ngakasa, langit bumi sejatine, tetep madhep wong sabuwana kabeh. Sapa krungu aturku utawa weruh tenagaku, ora obah ora usik. Sukma maling rasa, mesot mabur saka dening rasaningsun. Roh Hilapi jasad ingsun, Allah kang nggegem ingsun. Kun Payakun sabaya ya Payakun mandi pangucapingsun, mandi-mandi-mandi saka batinku sing sekti.
2
SEMEDI PANGUWASANING GAIB
Gusti Kang Maha Kuwasa, gumilang tanpa wewayangan. Aku njaluk biyantu saking panguwasane Dat kang Maha Suci, aku tan kena rubeda ya aku sing amisesani sak isen-isene Jagad Raya iki kabeh. Ya aku titah Manungsa Sejati, ya Sejatining Manungsa kang sinanpurna. Urip tan kena pati, wis ora kekurangan ing pangerti, ya wis ora kesamaran ing sawiji-wiji.
Mandi pangucapku, mandi- mandi- mandi saka batinku sing sekti. Byar padhang terawangan ora krasa apa-apa amung Ingsung kang nglimputi ing Alam Kabeh.
3
WIRID WEJANGAN ASAL SAKA SUNAN KALIJAGA
KANG ARUPA SAHADAT.
Bismillah Hirokhmanirokhim.
Ashadu tibane rasa, Illaha jatine rasa, Illolah patemone rasa, ya rasa ya Rasul. Mohammad sejatine rasa Mohammad sejati, sejatine Mohammad jasating Urip. Sampurnaning tunggal pancering Urip. Wujud-tollah Kuwasa wujud tunggal. Urip tan kena pati, Dat ingsun ora ana, nanging Ingsun kang ana.
4.
MUNGGUH WIJINING NGELMU
Kun-payakun : sejatining Ingsun Dating Kang Maha Suci. Yaiku Gesang kita pribadi, sayektine Ingsun kanggonan rasa Date Kang Maha Agung anglimputi ing sipatingsun, yaiku wujud kita Pribadi. Saknyatane katambahan rasane Dat kang samar lan Elok, amretandhani : Asma yaiku Nama kita Pribadi lan diaku araning Dat kang wisesa, tandane Apengal iku sing bisa mobah lan polah kita pribadi nuduhake nyatane Urip kang sampurna.
Dadi nyata banget Gesang iku anyamadi sipat-sipat, Dat iku olehe nyamadi sipat upamane madu lawan legine.
Bab : V. SEJARAH GELARE JAGAD DUMADI
1. Hanane Aksara 20 (rong puluh) sajrone Badan Jasmani (Wadhag) :
- Wujud tegese : Badan alus
- Khidam tegese : Badan Jasmani
- Baka’ tegese : Daging
- Mochalafatuhu chawadisi tegese : Otot
- Wachiyamuhu binapsihi tegese : Getih
- Wahdaniyat tegese : Balung
- Kodrad tegese : Budi
- Iradat tegese : Pikiran alus
- Elmu tegese : Sungsum
- Chayat tegese : Urip
- Lamak tegese : Limpa
- Basar tegese : Pusuh / Usus
- Kalam tegese : Jantung
- Kodiran tegese : Keteg
- Mudiran tegese : Ginjel
- Ngaliman tegese : Ati
- Kayan tegese : Getih Putih
- Samian tegese : Getih Abang
- Basiran tegese : Getih Ijo
- Mutakaliman tegese : Ilat
2. Den kawruhana Bumi kang maning dalem Badan Jasmani
Bumi Masrik ana ing : Suku
Bumi Ngasrah ana ing : Kulit
Bumi Tursino ana ing : Gigir
Bumi Sela ana ing : Daring
Bumi Balober ana ing : Getih
Bumi Hindo ana ing : Balung
Bumi Jidahsam ana ing : Pelanangan
Bumi Mekah ana ing : Puser
Bumi Medinah ana ing : Dhadha
Bumi Johar ana ing : Tutuk
Bumi Turki ana ing : Uteg
Bumi Tarwiyah ana ing : Ilat
Bumi Mangrib ana ing : Tangan
Bumi Ngerum ana ing : Irung
Bumi Kopak ana ing : Kuping
Bumi Makripat ana ing : Paningal
Bumi Selo ana ing : Alis
Bumi Baital Mukadas ana ing : Rai
Bumi Baital Ma’mur ana ing : Otot
Bumi Baital Mukharam ana ing : Jantung
Bumi Ngaros ana ing : Rambut
Bumi Suwarga ana ing : Sirah
Bumi Naraka ana ing : Weteng
3. Titi warnane Bumi, den sira weruhana anane Langit Sap Pitu kang ana Badan Jasmani, kaya ing ngisor iki :
- Langit Kumala dumunung ana ing : Embun-embunan
- Langit Mutiara dumunung ana ing : Gulu
- Langit Samsu dumunung ana ing : Dhadha
- Langit Wesi dumunung ana ing : Puser
- Langit Saka dumunung ana ing : Pelanangan
- Langit Tembaga dumunung ana ing : Dhubur
- Langit Pulsari dumunung ana ing : Bathuk
4. LUNGGUHE DINA PITU DALEM BADAN JASMANI
- Jemuah ana ing : Embun-embunan
- Sabtu ana ing : Gulu
- Ngahat ana ing : Dhadha
- Senen ana ing : Puser
- Selasa ana ing : Pelanangan
- Rebo ana ing : Dhubur
- Kamis ana ing : Bathuk
5. LUNGGUHE DINA PASARAN ING BADAN JASMANI
- Legi ana ing : Sirah
- Paing ana ing : Dhadha
- Pon ana ing : Gigir
- Wage ana ing : Dhubur
- Kliwon ana ing : Puser
6. LUNGGUHE TAHUN ING DALEM BADAN JASMANI
- Alip dumunung ing : Mripat
- Ehe dumunung ing : Sirah
- Jim-Awal dumunung ing : Dhadha
- Je dumunung ing : Gigir
- Dal dumunung ing : Puser
- Be dumunung ing : Pelanangan
- Wawu dumunung ing : Dhubur
- Jim-Akhir dumunung ing : Sikil
7. LUNGGUHE WULAN ING BADAN JASMANI
- S u r a dumunung ing : Kuping Tengen
- Sapar dumunung ing : Kuping Kiwa
- Mulud dumunung ing : Mripat Tengen
- Bakda Mulud dumunung ing : Mripat Kiwa
- Rabi Ngulawal (Jumadilawal) dumunung ing : Pipi Tengen
- Rabi Ngulakir (Jumadilakir) dumunung ing : Pipi Kiwa
- Rejeb dumunung ing : Irung Tengen
- Ruwah dumunung ing : Irung Kiwa
- P a s a dumunung ing : Lambe Nduwur
- Sawal dumunung ing : Lambe Ngisor
- S e l a dumunung ing : Pundhak Tengen
- Besar dumunung ing : Pundhak Kiwa
8. BAB KITAB
- Kitab Torekh lungguhe ana : Rai
- Kitab Injil lungguhe ana : Janggut
- Kitab Jabur lungguhe ana : Dhubur
- Kitab Qur’an lungguhe ana : Gorokan
9. LUNGGUHE AKSARA 30 KANG ANA BADAN JASMANI
- Alip : manggon ing Mripat kalih.
- Ba : manggon ing Kuping Tengen
- Ta : manggon ing Kuping Kiwa
- Sa : manggon ing Irung tengen
- Jiem : manggon ing Irung Kiwa
- Cha : manggon ing Pipi Tengen
- Cho : manggon ing Pipi Kiwa
- Dal : manggon ing Lambe Nduwur
- Dlal : manggon ing Lambe Ngisor
- Ro : manggon ing Kulit kabeh
- Zai : manggon ing Daging
- Syien : manggon ing Epek-epek Kiwa
- Sin : manggon ing Epek-epek Tengen
- Sot : manggon ing Bau Kiwa
- Dot : manggon ing Bau Tengen
- To : manggon ing Tangan Kiwa
- Dho : manggon ing Tangan tengen
- Ngain : manggon ing Sikut Kiwa
- Hgin : manggon ing Sikut Tengen
- Fa : manggon ing Gulu
- Kop : manggon ing Pupu Kiwa
- Kap : manggon ing Pupu tengen
- Lam : manggon ing A t i
- Min : manggon ing Mbun-mbunan
- Noen : manggon ing Ginjel
- Wau : manggon ing Balungan Suku
- Ha : manggon ing Dhadha
- Lam Alip: manggon ing Sikil Kiwa
- Ambyah : manggon ing Sikil Tengen
- Ya : manggon ing Badan Kabeh
10. LUNGGUHE AKSARA 20 KANG ANA BADAN JASMANI
- Ha : manggon ing Irung
- Na : manggon ing Mripat
- Ca : manggon ing Lesan
- Ra : manggon ing Nema Sirah (uteg)
- Ka : manggon ing Talingan kalih
- Da : manggon ing Gulu
- Ta : manggon ing Tangan kalih
- Sa : manggon ing Dhadha (bet)
- Wa : manggon ing Wadhuk (Padharan)
- La : manggon ing Ula-ula
- Pa : manggon ing Puser
- Dha : manggon ing Keping Puyuhan
- Ja : manggon ing Wujud (Wadhag)
- Ya : manggon ing Perji
- Nya : manggon ing Pupu Kalih
- Ma : manggon ing Dhakar
- Ga : manggon ing Konthol
- Ba : manggon ing Bokong tigang stel
- Tha : manggon ing Tungkak
- Nga : manggon ing Dlamakan.
Bab : VI. ILMU KEBATINAN
Kebatinan iku dhedhasar anggugah Jagading Kamanungsan supaya nuli nglilir utawa terus tangi gregah nyat ngadeg tengahing Bawana.
Awit Kebatinan iku minangka Keratone Ilmu lan Ngelmu.
1
Sing diarani Ilmu yaiku kang ngatur/nata kahananing Urip kita bisa mobah-polah muna lan muni. Awujud sajroning Trimurti utawa kang dilambangake Wahyu Tri Kahana Loka kang dadi wujud Kraton telu. Sing diarani Ilmu : anane Wirid. Sing diarani Telu-teluning Ngatunggal, tegese : ya Ilmu iki bisa disebut Gaibing Kamanungsan, kang aran Manungsa Sejati uga kena diarani Manungsa bisa duwe daya Gaib kang ditindakake dening Batin kang sekti.
Kena Muna ora kena Muni.
2
Sing diarani Ngelmu, yaiku kang nata hananing kerata-basa, awit Ngelmu iku diarani kratone Kawruh kabeh. Mungguh dununge Kawruh kabeh iku disusun dening Panca-Ndriya kang muni nglairake sakabehing Kabudayan. Banjur Kabudayan iku kang bisa mujudake unen-unen Makna Rapal ananing Tata-Lair sing gumelar ing Alam Padhang sajrone Jagad Raya iki kabeh.
Dadi sawise trawaca sing diarani Ngelmu kang nglairake sakabehing Kabudayan kang bisa mujudake Tata-Lair :
- Anane Agama kang manca-warna.
- Anane Makna/Rapal Aji Jaya-Kawijayan, Pengasihan, Adus karmas donga manca-warna lan liya-liyane nganti akeh banget warnane.
- Anane Undang-Undang kanggo nata Jagad dumadi lan nata Praja mungguh anane : wates-watese, yaiku Pamarintah antarane Kawulane. Suwalike Kawula marang Negara lan Pamarintahane, utawa maneh anane Negara-negara tangga dianakake pranatan antarane Negara iki lan iku. Umpamane kabeh iku dule Tata-Lair diatur dening Panca-Ndriya. Dadi wus trawaca banget sakabehe Ngelmu lan Kabudayaniku kabeh uga dilimputi dening Batin.
Bab : VI. SEJATINING BANYU MANING DIARANI HERU BIYAH YAIKU KUMPULE JALU (JALER) LAN ESTRI.
1
Heru Biyah ana patang perkara, yaiku : Wadi, Madi, Mani lan Manikem.
a. Wadi : iku Panggonane Rasa
b. Madi : iku Dedagane Rasa
c. Mani : iku Sejatine Rasa
d. Manikem : iku Campuhe Rasa, yaiku kumpul Kakung lan Wanita. Tumiba aneng Kramatollah pernahe ana tengahe Jisim kang dhingin cemlorot lir Lintang aneng Samodra. Cahya padhang sumorot kinarya wewayangan asihing Pangeran datan kena pegat. Sih-sinisihan, tumurun terus bisane ngandhut pasihane Pangeran.
2. KERATA BASA
Lungguh asale Bumi, dudu Bumi saka watu. Dudu Bumi Abang,Ireng,Putih. Yaiku Bumi nyata ya jasad. Sejatine iku Bumi Alus kang mengku Swarga lan Neraka.
Ngadeg : anyirnakake asale Brama (Sembahe Cahya)
Rukuk : anyirnakake asale Barat/Angin (Sembahe Napas)
Sujud : anyirnakake asale Banyu (Sembahe Roh)
Lungguh : anyirnakake asale Bumi (Sembahe Jisim)
Keterangan :
- Kang nyirnakake asale, supaya mulih ing kunane mbenjang yen wis pesti janji.
- Panyembah : tegese supaya pinaringan tetep kekuwatane sajrone Alam Padhang ing Ndonya iki.
3. Geni Bumi Angin Banyu
ASALE :
- Geni iku dadi patang perkara : dadi Rupa, dadi Jantung, dadi Uteg, dadi Dat.
- Bumi iku dadi : Daging, Balung. Yaiku anane Sipat Kuwat : Dhadha, Gigir, Pupu, Kuping, Mripat, Tutuk, Sirah (Pitung Perkara)
- Banyu iku dadi patang perkara, yaiku : Getih, Sungsum, Otot, Kringet lan Ati (Panca Ndriya)
- Barat (Angin) iku ana patang perkara : Napas, Nupus, Anapas, Tenapas.
Kabeh iku sampurnane ana tengah-tengahe Panembah.
4. SAMPURNANING ANGADEG
- Lugune witing Panembah, umpama tan kelakon ora sampurna adage, tegese : Geni iku dudu Geni kang bisa mati. Dudu Geni kang diurubake/gawean, dudu Geni Naraka, dudu Geni Mujijat. Yaiku Aksara Alip-Kamal, tegese Api kang ngurad tan kena pejah, yaiku Cahya sejatine kang padhang, diarani Sirollah.
- Rukuk iku asal saka Barat (Angin). Dudu Angin lesus utawa Angin Mujijat. Yaiku Angin Napas kang amuji rina-wengi. Pujine tanpa pegat, yen meneng rusak Jagade. Yaiku sing diarani Tetaline Urip, kehe ana patang perkara :
1. Napas, 2. Anapas, 3. Tenapas, 4. Nupus.
Yaiku : anane ketegira dhewe.
Mula den sira kawruhana lakune Napas, Anapas, Tenapas lan Nupus kaya ing ngisor iki.
Mungguh mlebu lan metune sarta tengerane siji lan sijine :
a. Napas : mlebu metune ing Irung, rupane sorot Abang.
b. Anapas : mlebu metune ing Kuping, warnane Ijo.
c. Tenapas : mlebu metune ing Tutuk, warnane Putih.
d. Nupus : mlebu metune ing Mripat, rupane Kuning.
Pujine : Napas Yahu’, Tenapas Illalahu’, Anapas Imanahu’, Nupus Illahu’.
Bab : VIII. NYATANE NGELMU RASA
Sadurunge dadi rasa, maksih diarani maning pernahe ana ing Mbun-mbunan. Banjur tumurun ana ing mripat loro. Kang ana Tengen diarani : Wahulayat, kang ana Kiwa diarani : Wayon Ayat. Banjur tumurun menyang otot loro saka Rasa. Pang kang gedhe yaiku Tengen arane Anti Rasa, dene kang ana Kiwa diarani Tali Rasa. Banjur tumurune segara rante pitung gunung kembar, terus ing Tenggok, terus ing ati kang putih diarani Terusing Rasa. Banjur tumurun menyang Puser diarani : Uderollah, banjur tumurun menyang Kepung, diarani : Mukallapah. Banjur tumurun njerone Kepung, diarani : Sa’aminah. Banjur tumurun menyang Panguyudan, diarani : Sajromirah, banjur tumurun menyang Kamal, diarani : Kamalollah, banjur tumurun menyang Pucuk Kalam diarani : Nukad Gaib, nuli tiba Rasa, kaya sesotya rupane. Gedhene sak isine Delima, yaiku diarani Cahya Murcahya.
Sir Banyu dadi kuwating Daging, kuwasane ya kuwate Jisim
Sir Bumi dadi kuwating Badan, kuwasane dadi teteping Jisim.
Sir Angin dadi kuwating Balung, kuwasane mobah lah molah sarta polah.
Sir Geni dadi kuwating Sungsum, kuwasane bisa megeng lan muna, manjing
sumurubing : sarengat, tarekat, hakekat lan Ma’ripat.
Bab : IX. NGELMU RASA SEJATI
GANDHENG TERUSE BAB : VIII KANG WINIRID SAHADAT
1
Ashadu tibaning Rasa, Illaha jatine Rasa, Illolah patemone Rasa. Iya rasa iya Rasaningsun Mohamad sejatining Rasa. Mohammad sejati sejatining Mohammad, iya jasading Urip, sampurnaning Tunggal Pancere Urip. Wujudollah kuwasa Wujud Tunggal kasandhingan Bawa Kasukirta, Urip tan kena Pati, iku sahiding Sahadat. Datingsun ora ana, nanging Ingsun kang ana.
2
Ingsun kang amangeran Mohammad kang ules nyawa ateken Iman Tokhid, lungguhing panarima ing Rasa Sejati. Alembut tan kena jinumput, agal tan kena sinaring. Ya Ingsun Mohammad, anane Gusti ya ana rasane Kawula. Ya Ingsun sipating Mohammad, Ingsun atine banyu Telaga Tauran, Urip tan kena Pati.
Banyu suci metu saka Nyawa, banyu murni metu saka Kodratollah. Ya kaya gumilir, cahya ngadeg tanpa pasa uripku.
3
Gusti kang wicaksana kang aran Roh Kudus, Janatun lungguhing Sahadat ing pratingkah tan kena owah gingsir Urip tan kena Pati.
4
Iki tata malige Kodis Muljo lungguhing sesotya : Gedhong Arum lungguhing ana Grana, Masigit Kembang lungguhing Lak-lakan. Telaga Wasa lungguhing ana Ilat, Telaga Rawud lungguhing Manik. Trajumas lungguhing Bau Tengen lan Kiwa, Bagembung lungguhing Dhadha. Tali Rasa lungguhing Gegantilanip, Ngati Rasa lungguhing Limpa. Susuhing Angin lungguhing Pusuh, Masigit Sula lungguhing Jejantung, Suwarga lelungguhing Wadhuk (Pepusuh). Kadislalah lungguhing Kamal, tegese sampurnaning Kahanan.
5
Pasucenan Dewi Lembat
Sang banyu sarira sesuci ana Ingsun, suci njaba suci njero. Sang Banyu Anom Badanku kari sampurna.
6
Amarolah, manikolah, Dat Suci Jinabati, Rohilapi, Suci Mohamad kasucenan dening Rasulolah. Aku turu lawan Sukma, Ingsun inggih cahya, cahya Jasad Ingsun, teteken Mohamad Nukad Adam Allohu’Illolah.
7
SERAWUNGAN
Cur-mancur, Cahyaning badan Ingsun. Sungsum balung rasane Pangeran, Kulit Wulu rasane Pangeran. Ya Ingsun Manungsa Titahe Gusti, Sejatining Manungsa sinembah badan alusing Gusti Allah, Mohammad Adam.
Sinduwang gurune Sambang, Manik Epok retune Sambang, Gurune Sambang. Sira dak kongkon lebanana Jagad dumadine Si ………. Sundhul langit, Si ………. Wengkanen lambunge Si ……….……….. sing sisih kiwa, ngadeg ana tengahe Samudra………
Bab : X
1. IKI DONGA KEMU PANGASIHAN.
Allohuma, latu salid salaina, dat lampar kumna walatukit ngalatonah. Alam ya kaslaya diya salatrus tusina, asina aginna akinna, waya rakanmas masakina irkamna …… X 3 , tiraketa takarakiman.
2
Allohuma, Bis roh slamet, mil rah slamet Gusti kang gawe slamet. Arohman kang sanji tisim Rakhim roh sapatemoning Datolah, ora ana sawiji-wiji, titip slamet sak kluwargaku, sak turun-turunku kabeh, luhur-luhurku birohmating armarakiman.
3. DONGA SELEMAN
Allohuma, andakala, bisurotin Sulaiman, minal masriki Illal Mahribi, Lidir ngihi wa’apengalihi wa kuatihi wasalami Ajabarailla, waming ilawa israfila. Wa Israila, Walaka Seleman, minal masriki ilal Mahribi Jina wajarikau wa gomamau wasali nga Seleman, Kasira ya Iblisa ya tinnya bidulumati wangorabona takobal seleman.
4. PENGASIHAN
Ina Amruhu Ida Arada, Sae’an Anya kul lalahu, kun payakun teka welas teka asih Si …….. asiha karo aku.
Sarade ngobong gabah.
Rapale bareng karo pangobonge, siji gabah siji rapal.
Bab : XI
1
Lah iki methik wejangan Kanjeng Nabi Muhammad mejang Sayidina Ali kang kawisikake talingan kiwa supaya waskitha uripe, supaya lestari selawas-lawase ing ndonya awal akhire. Wiwit manungsa yen wis titi mangsane utawa pinasthi janji, manungsa bisa waskitha lan sampurna ing sangkan parane. Kamulyan kahanan jati ing jaman langgeng, yaiku kumpule kawula kelawan Gusti. Aja nganti nurut marang penasaran.
Mungguh kang dadi wewadi Ngelmu Ma’ripat yen miturut kiyasan saka Dalil Kadis pangandikane Kanjeng Nabi Mohammad sing diwejangake marang Sayidina Ali, kinen angestokake anane Dat, pangandikane Gusti kang Maha Suci, kaya ngisor iki :
Kang mejang kudu pratitis saka siji lan sijine wejangan, aja tumpang suh, supaya waskitha uripe kang sejati.
Sejatine ora ana apa-apa. Wiwit duk maksih awing-uwung durung ana sawiji-wiji, kang dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran nanging Ingsun. Sajatining Dat jang Maha Suci anglimputi Sipa Ingsun. Anane Asma menggah ingkang pangandika sejatine Dat kang Maha Suci iku ya Gesang kita pribadi. Karana Ingsun tinitahake Adam, asal sak anasir patang perkara, yaiku : Bumi, Geni, Angin, Banyu. Yaiku kang dadi kawujudan sipatingsun. Ing kono Ingsun dipanjingi mudah limang perkara : Roh, Nur, Rasa, Napsu lan Budi. Yaiku minangka dadi warananing wajah Ingsun kang agama Suci.
2. SAHADAT PANETEP PANATA GAMA
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Niat Ingsun angawruhi sahadat panetep panata gama kang jumeneng Rohilafi kang ana telenge ati kang dadi Pancering Urip, kang dadi lajering Allah. Wangunane Muhammad, yaiku sejatine manungsa kang sampurna. Becik ndonya becik akhirat, slamet ndonya slamet akhirat. Nuk dinulu aup-aupane Allah, Mohammad Rasullolah.
3. ADUS BATIN
Banyuku saking Datollah, badanku Kencana Mulya, banyu sarining cahya. Nur Mohammad mancur cahyaning ngedhat ngelebi padhange jagad. Suci badanku sinampurna.
4
Rohilafi rupaku. Rupaku rupa sejati, tegese Rohilafi padhang. Padhang tan ana wengine. Urip tan ana patine. Ana rupa dudu rupa, Rohilafi sejatine kang mengkoni Ka’ Bat Usik.
5
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Niat Ingsun adus. Adus banyu Sirollah. Semuning jagad, semuning bumi, uruping cahya, semuning Allah. Ya aku Allah Hu’ Akbar.
6
Bismillahi Rohmanir Rokhiem.
Wijiling suksma Dat Wasesa, Sukma Sejati rupane kang Gaib. Kang Maha Suci Naptu Gaib sampurnaning Suci. (Islam) kang sampurna Lilahi, Allah Hu’ Akbar.
7. SALAT DAIM
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Niat Ingsun salat daim kanggo salawase urip. Adegku yaiku Urip Ingsun, Rukukku yaiku Paningal Ingsun, Sujudku yaiku Pangambu Ingsun, Sididalku yaiku Pangrunguingsun. Pamacane ayatku yaiku Pangucapingsun, Salamku yaiku Ma’rifatingsun. Dikirku yaiku Awasingsun. Keblatku yaiku madhep maring Angen-angen Ingsun, perlu nglakoni wajib Kodrat-Iradatingsun dhewe.
8. ADUS BATIN
KANGGO NGAWRUHI GAIB SUKSMA SEJATI
Nawa-etu wijiling Suksma, Dat wasesa Suksma Sejati anderul rupaning Nukat Gaib, kang suci Naptu Gaib, sampurnaning Suci, Pardan Lillahi Islam kang sampurna Illal lahi Allah Hu’ Akbar.
9
Angungsi cahya kang padhang, kang den ungsi Cahyaning Allah. Kang adus apaning kang awudu. Allah kewala sejatine duking samana Awang-Uwung. Jagad durung gumelar Amba pan wus ana.
10
Niat Ingsun adus karmas, angedusi Badan Ngalamollah, perlu kerana Allah. La Illaha Illolah Mohammad ya Rasullolah.
11
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Nuru Mulana Nur Mohammad Kulubihi Bi Kulubihiem, Kulu Balag berkah kuat. Nur Allah Mohammadur Rasullolah, Yahu’ Yahu’ Yahu’.
12
K U L H U
Kulhu Allah, Kulhu Idi Kuldi. Mandi mandi sabdaku saking kuwasaning Allah.
13
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Mrandolo, Labahu, Sai’an, Wallaha-Latop, Walpanak Panak.
14
Yen arep mangan wacakna donga iki, ngisor iki dongane :
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Si Bapa Nur Mani, rupane putih panggonane Wetan. Si Biyung Kekawa rupane abang panggonane Kulon. Kawula nyuwun barkah kuwat slamet ing ndonya tumekaning akhirat. Cukupa sandang pangan kula lan rahayua sak paran-paranku.
15. A D U S
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Niat Ingsun adus banyu, banyuku saking Datolah, badanku Kencana Mulya. Banyu sarining cahya, Nur Mohammad mancur cahyaning ngendhat ngebegi padhange jagad. Suci badanku sinampurna, Rohilafi rupaku rupa sejati, tegese Rohilafi padhang padhang tan ana wengine. Urip tan ana pati, kang mengkoni Ka’ba Usik.
16
Bismillahi Rohmanir Rohiem. Rekelatas Limpanahum, Balija Baliju.
17
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Nawa-etu Usoli niat Ingsun salat sajrone Baitollah Ka’bah sesangkaning ati. Adage Iman, masjide Iman, mesu manjing suci ngalam Jisim Alus. Tetaline Mulya Sampurna Illahi Uha’. Adegku iya Cahyaningsun, sujudku iya banyuningsin, lungguhku iya buminingsun.
Bab : XII
1
Bangsane gaib iku ana papat, yaiku :
1. Gaib, 2. Nukat Gaib, 3. Naptu Gaib, 4. Wahyu Gaib.
Apa wong mati nganggo didusi lan liya-liyane?
- Didusi : Manungsa asal saka Banyu
- Dibuntel : Manungsa asal saka Wadhag
- Tali telu : Manungsa saka telung perkara. (Allah, Mohammad, Adam)
- Disembayangi : Manungsa asal saka Angin.
- Dipendhem : Manungsa asal saka Bumi
- Diwacakake Telkim : Anuduhake marga kang bener
- Diwacakake Qur’an : Manungsa asal saka panutane Iman Tokid, Ma’ripat Islam.
- Disurake tanah : Manungsa asal saka Adam
- Dipitung dinani : Manungsa asal saka Rahsa.
- Dipatangpuluh dinani : Manungsa asal saka Rasulollah.
- Disatusi : Manungsa asal saka Allah (Gusti)
- Disewoni : Manungsa asal saka Kodratollah.
Mungguh dalile : Ina Lilahi Wammalahi Roji’un.
Tegese : Allah kumpul kelawan Allah.
2. ADUS KRAMAS
Bismillahi Rohmanir Rohiem.
Nawa-etu Usali Pardan jinabati parlan lilahi ta Allah, Allahu Akbar. Niat ingsun adus jinabati ngilangake kukume kadas gedhe, parlu kerasa Allah, Allahu Akbar.
Bab : XIII
1. WEJANGAN MERTOBAT PITU
Yaiku : Akadiyat, Wahkedat, Wakidiyat, Arwah, Ajisani, Iman, Insan Kamil.
Akadiyat nglairake : Segara Napsi, banjur diarani : Wallahu lan nglairake Dat,
yaiku :
a. Dat Mutlak tegese : Padhang luwih dening padhang
b. Dat Salikin tegese : Suci dening suci
c. Dat Subekki tegese : Peteng luwih dening peteng
d. Dat Subunbun tegese : Jurang luwih dening jurang
e. Dat Kadim tegese : kang dhingin (dhisik)
f. Dat Asma tegese : ana dalem (njero) dheweke
g. Dat Wajibul Wujud tegese : mesti anane
Lan maneh Akadiyat iku kinarya pitung perkara, kang dhingin :
- Gaibul Guyub tegese : Gaib
- Gaibul Uwiyah tegese : Aku
- Johar Akhir, iku marang Segara Rakhman, utawa Gaibe Nukat Gaib, yaiku : Segarane Urip.
Kang aran Allah Mutlak, yaiku Pangeran Sanyata, tegese Allah kang Khak, iku Pangeran kang satemene utawi Akadiyat Sarpat, iku hakekate Johar Awal.
Nupus ping pindhone.
Akat Duriyat, iku hakekate wujude Allah, tegese : Roh akal kalam Nur ping telune.
Akat Diyah Huluiyah iku hakekate Dat Mutlak, iku Iman Tokid Ma’rifat Islam kaping pate.
Akat Diyah Jamil tegese : Bumi, Geni, Angin lan Banyu ping limane.
Akat Diyah Pasir, tegese : Hakekate Roh Mohammad, tegese : Cipta, Reka, Budi, Rasa. Yaiku ing aran Rohilafi, iku Roh kang badan.
Allah Rohilafi iku manggon ana Ati Puat.
Laire Rohilafi iku dadi padhange tingal, kehe patang perkara :
- Tingal Saleh tegese : Tingal Roh, yaiku tingal …………….
- Tingal Sidik tegese : Tingal Suksma, tingan batin
- Tingal Ma’rifat tegese : Tingal Ati kang suci.
- Rukiyat tegese : tingale Mata kang lair.
- Wite tingal iku ana patang perkara :
- Wujud tegese : weruh uripe
- Salin tegese : weruh wekasane pati
- Islam tegese : suci
- Rasa tegese : Roh kang sampurna.
Akat Diyat iku kanyatane Gaib, utawa jejuluk Nukat Gaib. Iku Roh Nekslin, tegese Urip ing dalem duweke, iku ana akekate : Mohammad.
- Mohammadiyah iku kang karem bangsa Dat.
- Mohammad kang satemene iku kang karem bangsa Sipat, iku hakekate Jisim.
Adam Mukadis tegese : Adam bangsa Rohman, yaiku hakekate Sentaras karana pangandikane Allah Ta’ Allah wahanane : Banyu Kayat Mohammad Abu Roh Adam.
Abu Roh Lahir, tegese : Allah iku babone sakehone mukkak banjur ing aran KUN, nadyan muk piyan tegese iku Gedhong kang luwih samar, yaiku minangka pesanatane Datollah utawa wawunya wah kedat. Iku minangka pesanatane Nukat Gaib. Mangka Neptu iku asal saka Wawu, mula banjur aran Alkamdu Lil Tapira, yaiku kang nuturi sakehing Dat anane awak-awakan wawu. Iku banjur dadi Re, iku Roh jumeneng Nurollah utawa Wah Kedad iku lair saka Sagara Ngam. Mula ing aran Nabi, Wali nuli nglairake Rasa pitung prakara, kang dhingin :
1. Birahi, 2. Mosik, 3. Wasuh, 4. Jamal, 5. Sipat Jamal, 6. Sipat Kahar, 7. Sipat Kamal.
Mosik iku mengku patang prakara :
- Ngelmu, iku tetep ing dalem tekade.
- Ngelmu Ngaliman, tegese : weruh ing dalen atine.
- Makluk, tegese : weruh-weruhan ing dalem wujude.
- Maklum, kang kawruhan dalem Sipat.
Sejatine Mosik iku nglairake sakabehing Ayat kabeh, yaiku : kerana satuhune Kalam Napsi iku Kalamolah. Yaiku Kalam Datollah, yaiku Ngibaratollah. Umpama ora jumeneng klawan tetep, meneng ing mosik wis mesti ora jumeneng pitung Bumi utawa Sipat Pitu sing iku kinarya laire Dat.
Mangka lamun ora jumeneng Sipat, wis mesti ora jumeneng wujud, karana pangandikane Nabi Panutan : Wa Anabu Amnu pidatihi Insan Ikrom : Satuhune tandhane Dat kelawan sipate manungsa kamin kang campur (sampurna).
- Utawa Sipat Jamal lakune patang perkara, kang dhingin :
Anom, Tuwa, Ala lan Becik. - Sipat Jalallahu, iku uga patang perkara. Kang dhingin :
Ora, Ana, Lunga, Teka. - Sipat Kamalluhu, iya patang perkara :
Urip, Pati, Tangi, Turu. - Sipat Khahar, uga patang perkara :
Kuwat, Apes, Mosik, Meneng.
Sipat Papat iku mengku 8 perkara. Sipat 8 ing aran Sipat 20. Yaiku hakekate Rohilafi. Mangka iku wajib sakehing wong urip kudu ngawruhi anane sipat 20 iki.
Miturut Ngelmu kang satemene (Ngelmu Sanyata) sapa wong kang ken ora ngawruhi sipat 20, iku tetep batal Imane wong iku.
Wakidiyat iku Roh kang samar. Iku satemene Rukyat, tegese : Roh Suci.
Bab : XIV
- B A T I N
Niat Ingsun adus ing telaga Manik Kal Kausar, suci kaping pitu. Rahayu slamet awakku kabeh. Liyep-liyep kaya lintang, mancorong kaya srengenge. Ya ingsun Raden Cocak ijo kang mengku jagad iki kabeh. Murup cahyaningsun Nokak, Sasaebrang arane banyu Kendhani. Suci ilining banyu den Indra Kumala. Langit bumi rasa kumala, sarining banyu sah sira sah ingsun.
2
Sang Dewi Ratih angadeg jagad. Apa kuwasane, tumungkula terus pitung bumi. Tumengaha terus pitung langit. Amurup aneng karsa cakraning manggilingan. Aku wadon sejati.
3
Sirolah Kolah panahku Ma’ripatollah. Sun panahake bumi kentar, sun panahake kayu rubuh, sun panahake gunung guntur, sun panahake segara asat, sun panahake lintang srengenge surik. Sun panahake Rohe wor sajagad kabeh, lunga asih teka asih marang badanku.
4. SALAT BATIN
a. Hwasalli kala kebul ukak, (sedhakep tangan tengen)
b. Salad dain Mulkak yahukak kulkak (tangan kiwa)
c. Yahuk analkak da’ialalahlakaya illah lalah, lamujud daillalah (wedaring tengen lan kiwa)
d. Yama’ripatollah. (nuli rukuk)
Subkana warobiyal a’lim wabikamdihi, (nuli takbir) :
Samiallohu limankamidahu, robana (nuli sujud) :
Ya Allah ya rasulullolah, (Ya Tuhan ya Nabi Mohammad)
Terus maca donga kaya ngisor iki :
5
Allohuma inirobaka unurus samawatiwal arsi kamanurusi, wal kamari.
6
a. Bisroh slamet milroh slamet, Allah kang gawe slamet.
b. Arrokhmaning (manjinge jisim).
c. Rakhim (patemoning Datollah) ora ana sawiji-wiji slamet tetep awakku.
7
Saning maya arane Mohammad, Sirkumaya arane Rasul, Sir Dar kayon sak sirku.
8
Sirollah araningsun, Kamarollah aranira. Sira weruh araningsun. Srimaningkem araningsun, sekam aranira, yahuk yahuk.
9. B A T I N
Walahu salam mu’alaekum salam. Sedulurku kang dadi murwaning jagad, tulaken nepsune si ………. Aja menggawe ala marang aku, langkir-langkir ana tunggak kayu saka kulon si ………… aja ala maring aku. Sing arep menggawe ala maring aku leng-leng bileng saking kersane Allah.
10. LA I R
Allohuma ya adamaya, amuya kadibiya, kadiku yakayuya. Kun payakun nawi sakul wali jaya.
11. B A T I N
Roh gumuling Sukma jumeneng. Roh jumeneng suksma gumuling Yahu Allah ya Rasullolah, yahuk-yahuk.
12. L A I R
Kudar maya, gumilah awarahena. Lah kawula kang rewang Pangeran, kanthi Mohammad. Direksa ing Allah Pangeran kanga gung, tetep Nabi Allah.
13. L A I R
Ya awurwa Kun Ingsun, lungguh sajrone Johar Iman. Arewang Pangeran acanthi Mohammad. Rineksa ing Allah, La’illaha Illolah, Mohammad Rasullolah.
Bab : XV
Sira den weruhana maknane tembung wedahe ngelmu kang durung sira uninga arane :
Adam Syarak tegese : Peraturane manungsa.
Kembang tegese : Ukuran
Panjare tegese : Kewadhagan (sangkar / kurungan)
Sang Tingalana tegese : Nalikane maksih gesang
Nila Ening tegese : Nalikane mati
Rakhmatullahi tegese : Asihing Gusti
Rakhmad Jati tegese : Kanugrahane Gusti
Ringin Sungsang tegese : Manungsa sejati
Trisula tegese : Bojo
Dalil tegese : Pangandikane Gusti
Khadis tegese : Piwulange Pangeran
Izjemak tegese : Kumpule kawruh para Wali
K u n tegese : Gedhong kang samar
Payakun tegese : Kang wus ginelar
Dat Kun tegese : Gedhong panggonane Gesang
Mudah tegese : Uripe kawula saka limang perkara
Wajah tegese : Uripe Gusti kang tan kekane owah gingsir
Rohilafi tegese : Kang dadi padhange tingal sajrone Pancandriya
Gesang tegese : Nguwasani sakehing wujud utawa sipat katon sak jroning alam Sonya Ruri kang nglimputi alam kabeh.
Sejatining Gesang tegese : Jati swara, yaiku sing mralambangake ora kantha ora rupa, mung anane sasmita.
Ajali-abadi tegese : Mung sawiji kang dhisik dhewe, duk ing uni maksih awang-uwung jumeneng pribadi ing dalem (sajrone) Nukat Gaib.
Lokhil Makful tegese : Papan kang rineksa
Nur Kalam tegese : Tulisan kang makna.
Kombang ngajap ing tawang iku : Kang durung oleh panggonan (Gaib), panggonane (Gesang kita).
Panca ndriya iku : Pikiran 5 perkara kang metu saka Rasa.
Kusuma anjrah ing tawang iku : Wiwit nyata kahanane.
Tunjung tanpa telaga iku : Kembang terate uripe ana ing banyu.
Isine bumbung wungwang iku : Isen-isene wong kang banjur aran manungsa.
Tapake kuntul nglayang iku : Ora nganggo labuh tanpa tilas, nyatane metu saka kahanane.
Golek geni dedamaran iku : Manungsa kang golek kawruh becik kudu madhangake angen-angene.
Ngangsu pikulan waris/banyu iku : Lamun arep ngupaya sandhang boga, kudu ngetokake kringete dhewe.
Kuda ngerap ing pandengan iku : Cumithake angen-angen.
Kekesod ngideri jagad iku : Kawedhar kahanane.
Kodhok ngemuli lenge iku : Anane Gusti ya anane Kawula. Awit anane
sipat kawula dilimputi ing Gusti. Lan Gusti isih kalimputan sipate kawula. Dadi Date Gusti iku sing nguwasani sipate manungsa, awit Gusti wenang mbabar ya wenang ngukut.
Galihe kangkung iku : Anane Hyang Suksma Sejati sing teka lunga.
Apengal yaiku : Daya pakartine mobah lan molah.
Solikin yaiku : Rasa.
Kahar yaiku : Agung.
Suhud yaiku : Cahyane Nukad Gaib.
Jalal yaiku : Elok.
Jamal yaiku : Wisesa.
Kamal yaiku : Sampurna
Sarengat = Lakune badan.
Tarekat = Lakune ati
Hakekat = Lakune nyawa
Ma’ripat = Lakune rasa
Mani = Nyatane rasa
Johar = Sesotya
Insyan Kamil = Sampurnane manungsa.
Ati puat = Jantung
Ati sanubari = Limpa
Ati Ma’nawi = Rempelu (peru/empedu)
Ati sawadi = Usus
Sapangu = Pangungak
Hudrasa = Sambat tangis
Kemat isarat lebur = Japa mantra tanpa daya.
Kabarubuh = Padha tanpa daya, tegese : ora mandi.
Tidhem tandhane dumadi = Sepi mamring panguripane wong.
Bekjane ula dahulu = Wong julig dadi waranane setan (kerep ora becik)
Sesotya = Getih.
Pangeran tanpa kumandhang = Uripe jagad.
Nu tanpa gumantung = Uripe Pancandriya.
Ya ingsun pangeran sanyata = Panganggep anane wujudku.
Ndonya ora ana apa-apa = Suwung.
Nurung tanpa gumantung = Uripe cahya.
Kabeh iki diarani kerata basa, tegese : Karep sing metu saka rasa pangrasa laire gunem sing jumedhul saka rasa, yen wis gumelar kasat mata.
Bab : XVI
- HANANE SIPAT
Sipat Ma’ani yaiku mengku 14 kurup.
- Kodrat = Budi.
- Iradat = Pikiran alus.
- Kodiran = Keteg.
- Mudiran = Ginjel.
- Ngaliman = Ati.
- Ilmu = Sungsum.
- Kayan = Getih Putih.
- Kayat = Urip.
- Samian = Getih abang.
- Samak = Limpa.
- Basiran = Getih ijo.
- B a s a r = Pusuh (Usus)
- Mutakaliman = I l a t.
- Kalam = Jantung.
2
Sipat Salbiyah, yaiku mengku 6 kurup
- W u j u d = Badan alus.
- K h I d a m = Jasmani.
- B a k a ’ = Daging.
- Mukala fatuhu lilkawa kawadasi = Otot.
- Wakiyamuhu bunapsihi = Getih.
- Wahdaniyat = Balung.
3
Sipat Ma’nawiyah yaiku mengku 14 kurup, dadi padha karo Sipat Ma’ani (no. 1) ndhuwur.
Banjur anane sipat 3 perkara :
- Sipat Kamalahu, tegese : Sampurnane Pangeran nggone ana alam Laut.
- Sipat Jamalahui, tegese : Eloking Pangeran manggon ana alam Jabarut.
- Sipat Kaharuhu, tegese : Wasesane Pangeran manggon ana alam Nasut.
1. Sipat 11 (sewelas) dadi jeneng : Istigena.
2. Sipat 9 (sanga) dadi jeneng : Istikor.
Dikir Tarekh
Lha’illah ha’illolah X 3, la’illah Mohammad dur Rasullollah, wali kuli Allah her jamjam baitollah.
NAGA TAHUN
- Besar, Sura, Sapar = Lor.
- Mulud, Bakdamulud, Jumadilawal = Wetan.
- Jumadilakir, Rejeb, Ruwah = Kidul.
- Pasa, Sawal, Dulkaidah (Sela) = Kulon.
TUMBUKE NAGA TAHUN
- Besar = Lor.
- Mulud = Wetan.
- Jumadilakir = Kidul.
- Pasa = Kulon.
NAGA JATI NGARANG
- Sura, Sapar, Mulud = Wetan.
- Bakdamulud, Jumadilawal, Jumadilakir = Kidul.
- Rejeb, Ruwah, Pasa = Kulon.
- Sawal, Sela, Besar = Lor.
Bab : XVII
Yen badhe nyumerepi bayi ingkang badhe lair, tuwin yen badhe nyumerepi tiyang ingkang badhe wangsul dhateng jaman kelanggengan.
Ing ngandhap punika jam ingkang nyebataken wanci :
Dina | Naptu | W | a | y | a | h | e | J | a | m | |||
6 | 7 | 8 | 9 | 10 | 11 | 12 | 1 | 2 | 3 | 4 | 5 | ||
Ngahat | 5 | ! | ! | – | ! | – | ! | – | ! | – | – | ! | – |
Senen | 4 | ! | – | ! | – | – | ! | – | ! | – | ! | – | ! |
Selasa | 3 | – | ! | – | – | ! | – | ! | – | ! | – | – | ! |
R e b o | 7 | – | ! | – | ! | ! | – | – | – | ! | – | ! | – |
Kamis | 8 | ! | – | ! | – | – | ! | – | ! | – | ! | – | – |
Jum’at | 6 | – | – | ! | – | ! | – | ! | – | ! | – | – | ! |
Sabtu | 9 | ! | – | – | ! | – | – | ! | – | ! | – | ! | – |
Bab : XVIII
Den sira kawruhana pitung kanggo slametane wong mulih ing jaman kelanggengan kaya ing ngisor iki nyatane :
Ing dina | 3 | 7 | 40 | 100 | Pendhak | Pendhak | Sewu |
geblage | dina | dina | dina | dina | I | II | dina |
Dina : | |||||||
1. Ahad | Selasa | Sabtu | Kemis | Senen | Rebo | Selasa | Jum’at |
2. Senen | Rebo | Ahad | Jum’at | Selasa | Kamis | Rebo | Sabtu |
3. Selasa | Kemis | Senin | Sabtu | Rebo | Jum’at | Kamis | Ahad |
4. Rebo | Jum’at | Selasa | Ahad | Kamis | Sabtu | Jum’at | Senen |
5. Kemis | Sabtu | Rebo | Senen | Jum’at | Akad | Sabtu | Selasa |
6. Jum’at | Ahad | Kemis | Selasa | Sabtu | Senen | Ahad | Rebo |
7. Sabtu | Senen | Jum’at | Rebo | Ahad | Selasa | Senen | Kemis |
Pasaran : | |||||||
1. Kliwon | Paing | Legi | Wage | Wage | Pon | Wage | Wage |
2. Legi | Pon | Paing | Kliwon | Kliwon | Wage | Kliwon | Kliwon |
3. Paing | Wage | Pon | Legi | Legi | Kliwon | Legi | Legi |
4. Pon | Kliwon | Wage | Paing | Paing | Legi | Paing | Paing |
5. Wage | Legi | Kliwon | Pon | Pon | Paing | Pon | Pon |
Kanggo meruhi Wulan 12 sarta kehe dina ing saben taune ing sajrone sawindu :
ING SASI | Alip | Ehe | Jim awal | Je | Dal | Be | Wawu | Jim akhir |
1. S u r a | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 |
2. S a p a r | 29 | 29 | 29 | 29 | 30 | 29 | 29 | 29 |
3. Mulud | 30 | 30 | 30 | 30 | 29 | 30 | 30 | 30 |
4. Bakda Mulud | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 |
5. Jumadiawal | 30 | 30 | 30 | 30 | 29 | 30 | 30 | 30 |
6. Jumadilakir | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 |
7. Rejeb | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 |
8. Ruwah | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 |
9. P a s a | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 |
10. Sawal | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 | 29 |
11. S e l a | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 | 30 |
12. Besar | 29 | 30 | 29 | 30 | 30 | 29 | 29 | 30 |
Kanggo meruhi saben tanggalsepisan ing sajroning Sasi, sewene Sawindu. Wewaton saka dina Rebo Wage :
1.Rebo, 2.Kemis, 3.Jum’at, 4.Sabtu, 5.Minggu(Akad), 6.Senen, 7.Selasa.
dene pasarane :
1. Wage, 2. Kliwon, 3. Legi, 4. Paing, 5. Pon
Kaya pratelan ing ngisor iki :
ING SASI | Alip | Ehe | Jim awal | Je | Dal | Be | Wawu | Jim akhir |
1. S u r a | 1 – 1 | 5 – 5 | 3 – 5 | 7 – 4 | 4 – 3 | 3 – 3 | 6 – 2 | 3 – 1 |
2. S a p a r | 3 – 1 | 7 – 5 | 5 – 3 | 2 – 4 | 7 – 4 | 4 – 3 | 1 – 2 | 5 – 1 |
3. Mulud | 4 – 5 | 1 – 4 | 6 – 4 | 3 – 3 | 2 – 4 | 5 – 2 | 2 – 1 | 6 – 5 |
4. Bakda Mulud | 6 – 5 | 3 – 4 | 1 – 4 | 5 – 3 | 3 – 3 | 1 – 2 | 4 – 1 | 1 – 5 |
5. Jumadiawal | 7 – 4 | 4 – 3 | 2 – 3 | 6 – 2 | 4 – 2 | 1 – 4 | 5 – 5 | 2 – 4 |
6. Jumadilakir | 2 – 4 | 6 – 3 | 4 – 3 | 1 – 2 | 5 – 1 | 3 – 1 | 7 – 5 | 4 – 4 |
7. Rejeb | 3 – 3 | 7 – 2 | 5 – 2 | 2 – 1 | 6 – 5 | 4 – 5 | 1 – 2 | 5 – 3 |
8. Ruwah | 5 – 3 | 2 – 2 | 7 – 2 | 4 – 1 | 1 – 5 | 6 – 5 | 3 – 4 | 7 – 3 |
9. P a s a | 6 – 2 | 3 – 1 | 1 – 1 | 5 – 5 | 2 – 4 | 7 – 4 | 4 – 3 | 1 – 2 |
10. Sawal | 1 – 2 | 5 – 1 | 3 – 1 | 7 – 5 | 4 – 4 | 2 – 4 | 6 – 3 | 3 – 2 |
11. S e l a | 2 – 1 | 6 – 5 | 4 – 5 | 1 – 4 | 5 – 3 | 3 – 3 | 7 – 2 | 4 – 1 |
12. Besar | 4 – 4 | 3 – 5 | 6 – 5 | 3 – 4 | 7 – 3 | 5 – 3 | 2 – 2 | 6 – 1 |
Taun : | 1883 | 1884 | 1885 | 1886 | 1887 | 1888 | 1889 | 1890 |
Kanggo meruhi saben tanggal sepisan ing sanjroning sasi lan sanjroning sewindu wewaton taun : A.Bo.Ge. nganggo wewaton uriping dina lan pasaran :
Naptune Dina lan Pasaran :
Minggu/Akad = 5 | Kliwon = 8 |
Senen = 4 | Legi = 5 |
Selasa = 3 | Paing = 9 |
Rebo = 7 | P o n = 7 |
Kamis = 8 | Wage = 4 |
Jum’at = 6 | |
Sabtu = 9 |
Upamane : dina Kemis Neptune = 8, yen dina pasarane Legi Neptune = 5.
Tanun Be upama 8 – 5, dadi tahun Be ana Kemis-Legi. Pratelane kaya ing ngisor iki :
ING SASI | Alip | Ehe | Jim awal | Je | Dal | Be | Wawu | Jim akhir |
1. S u r a | 7 – 4 | 5 – 7 | 6 – 7 | 3 – 9 | 9 – 5 | 8 – 5 | 4 – 8 | 6 – 4 |
2. S a p a r | 6 – 4 | 3 – 7 | 5 – 7 | 8 – 9 | 4 – 5 | 9 – 5 | 7 – 8 | 5 – 4 |
3. Mulud | 9 – 7 | 7 – 9 | 4 – 9 | 6 – 5 | 3 – 8 | 5 – 8 | 8 – 4 | 4 – 7 |
4. Bakda Mulud | 4 – 7 | 6 – 9 | 7 – 9 | 5 – 5 | 8 – 8 | 3 – 8 | 9 – 4 | 7 – 7 |
5. Jumadiawal | 3 – 9 | 9 – 5 | 8 – 5 | 4 – 8 | 6 – 4 | 7 – 4 | 5 – 7 | 8 – 9 |
6. Jumadilakir | 8 – 9 | 4 – 5 | 9 – 5 | 7 – 8 | 5 – 4 | 6 – 4 | 3 – 7 | 9 – 9 |
7. Rejeb | 6 – 5 | 3 – 8 | 5 – 8 | 8 – 4 | 4 – 7 | 9 – 7 | 7 – 9 | 5 – 5 |
8. Ruwah | 5 – 5 | 8 – 8 | 3 – 8 | 9 – 4 | 7 – 7 | 4 – 7 | 6 – 9 | 3 – 5 |
9. P a s a | 4 – 8 | 6 – 4 | 7 – 4 | 5 – 7 | 8 – 9 | 3 – 9 | 9 – 5 | 7 – 8 |
10. Sawal | 7 – 8 | 5 – 4 | 6 – 4 | 3 – 7 | 9 – 9 | 8 – 9 | 4 – 5 | 6 – 8 |
11. S e l a | 8 – 4 | 4 – 7 | 9 – 7 | 7 – 9 | 5 – 5 | 5 – 5 | 3 – 8 | 9 – 4 |
12. Besar | 9 – 4 | 7 – 7 | 4 – 7 | 6 – 9 | 3 – 5 | 5 – 5 | 8 – 8 | 4 – 4 |
Dina larangan kangge menapa kemawon :
Ing sasi : Sura, Sapar, Mulud dina : Jum’at
Ing sasi : Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir dina : Sabtu + Minggu
Ing sasi : Rejeb, Ruwah, Pasa dina : Senen + Selasa
Ing sasi : Sawal, Sela, Besar dina : Rebo + Kamis
Bab : XIX
Jenenge dina pitu lan pasaran lelima ing jaman purwane biyen ya iku nalika jaman kabudan, mengkono uga jenenge sasi ing jaman purwa.
Dina pitu : Pasaran lima :
1. Dite = Ahad 1. Pethekan = Legi
2. Soma = Senen 2. Abritan = Paing
3. Anggara = Selasa 3. Jenean = Pon
4. Buda = Rebo 4. Cemengan = Wage
5. Respati = Kemis 5. Kasih (Mancawarna) = Kliwon
6. Sukra = Jum’at
7. Tumpak = Sabtu
S a s i n e :
- Mangrosa = Sura
- Sitra = Sapar
- Monggakala = Mulud
- N a y a = Bakdamulud
- Palguna = Jumadilawal
- Wisaka = Jumadilakir
- J i t a = Rejeb
- Srawana = Ruwah
- Padrawana = P a s a
- Asuci = Syawal
- Kartika = S e l a
- P u s a = Besar
PANCA WARA
Pancawara iku tegese laku limang prakara, mungguh yektine mangkene :
- Sahadad, iku mangetia dununge.
- Sholat, iku mangetia apa sing dilakoni.
- Jakat, iku supaya mulya saiki tumeka ing mbesuke.
- Pasa, supaya wening suci manahe sakiki lan mbesuke.
- Kaji, supaya bener tekade lan sampurna uripe saiki lan mbesuke.
SAHADAD KALIMAH KALIH
Ashadu Allah Illaha Illolah, wa ashadu anna Mohammad durrosulullah, iku maknane :
1. Anekseni Ingsun satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun. Lan anekseni Ingsun satuhune Mohammad iku utusan Ingsun (Allah).
Lailla haillolah Mohammad durrosullolah, lan maknane :
2. Ashadu tibane rasa, Illolah Patemone rasa, Illaha jatine rasa iya sara iya rasul. Mohammad sejatine jasading urip, Wujudtollah kuwasa, wujud tunggal, urip tan kena pati. Ya Ingsun Dat ingkang Maha Suci.
Dumadine :
Ingsun kang aran Pangeran kang ules nyawa, teken iman taukhid kang lungguhing panarimaning rasa sejati. Lembut tan kena jinumput, agal tan kena sinaring. Ya Ingsun sipating Mohammad, Allah rosulollah, ya ingsun sipate Mohammad.
Bab : XX
Ing ngisor iku kita ngaturaken sejarah ngelmu Jaya Kawijayan sarta ngelmu mancawarna, warnane aji jaya Pangasihan.
Poma dipoma para kadang wargane kebatinan sadarum; ngelmu kang sun tulis ing ngisor iki aja nganti dilakoni / dipasani, mundhak-mundhak malah nyrimpeti kalu kang nggayuh marang kautamane gesang kita.
Sabab sun tulis ing kene saperlu mung disumurupi kahanane bae, sebab aji Jaya Kawijayan iku sing diarani kembang boreh saupamane. Yaiku sing diarani karang sihir.
Kaya kang sun terangake ing ngisor iki sak urute. :
Panulake Penggawe Ala.
Solallahu alaihi wassalam.
Manik wel maripatku, kupingku buntut tikel-tikel. Heh ya aku Asu Buntung, sapa sing medhongkrong ing sajroning wetengku iki asu ireng mulus, badanku pudhak brama, wetengku gajah warak, guluku ula naga, raiku macan putih, wentisku pudhak brama. Estu-estu luputa sing dituju, nempera kang nuju badan, sliraku, madhan-madhan, mati-mati wong kang salah marang badan sariraku. Kulhu tulak balik sumpah, ana tuju telu saka wetan, tak tuju balia mangetan. Kulhu tulak balik sumpah, ana tuju telu saka kidul, tak tuju balia mangidul. Kulhu tulak balik sumpah, ana tuju telu saka kulon, tak tuju balia mangulon. Kulhu tulak balik sumpah, ana tuju telu saka lor, tak tuju balia ngalor. Aja sira wuruk sudi gawe maring ingsun kena bendune Allah Rasullola ya ingsun Alah Sejati.
Ajen-ajen ing dhuwur iku lakune nganggo pasa 60 dina lan ngebleng sadina sawengi. Slametane sega gurih iwak ingkung.
W I N D U
- Windu : Adi (Linuwih) = Akeh wewangunan anyar.
- Windu : Kuncara (Solah) = Akeh solah bawa nganyar-anyari.
- Windu : Sengara (Banjir) = Akeh banyu lan kali banjir gedhe.
- Windu : Sancaya (Srawungan) = Akeh wong saeka-praya.
Keterangan :
- Windu : Adi iku ana ing nalika taun 1867 – 1874
- Windu : Kuncara iku ana ing nalika taun 1875 – 1882
- Windu : Sengara iku ana ing nalika taun 1883 – 1890
- Windu : Sancaya iku ana ing nalika taun 1891 – 1908
Naptune Dina pitu lan Pasaran :
1. Minggu/Akad = 5 1. Kliwon = 8
2. Senen = 4 2. Legi = 5
3. Selasa = 3 3. Paing = 9
4. Rebo = 7 4. P o n = 7
5. Kamis = 8 5. Wage = 4
6. Jum’at = 6
7. Sabtu = 9
BAB XXI dapat diperiksa di TRI KAHANA LOKA : BAB XXI