Sêrat Kidungan

Buku ini adalah serat kuno yang melambangkan pengetahuan Islam yang benar, dan merupakan ungkapan puji-pujian umat kepada Tuhan. Dirakit oleh Kangjeng Susuhunan Kalijaga: waliyullah, dihimpun oleh Kiyai Rănggasutrasna: pujăngga, buku asli milik Gusti Kangjeng Ratu Pambayun, putri keluarga kerajaan.

Terdiri atas 7 pupuh, yaitu:

  1. Dhandanggula (46 Padha), berisi doa-doa keselamatan, doa untuk orang sakit, dan pengingat Tuhan.
  2. Sinom (24 Padha), berisi mengenai nama-nama penguasa alam gaib di pulau Jawa.
  3. Asmaradana (10 Padha), berisi mengenai nama-nama penjaga di wilayah keraton Surakarta.
  4. Kinanthi (30 Padha), berisi doa untuk ana agar mendapat kemulyaan dan menghilangkan kejang (sawan)
  5. Pangkur (12 Padha), berisi doa untuk bayi agar selamat di kehidupannya kelak.
  6. Dhandanggula (7 Padha), berisi doa pujian kepada Tuhan.
  7. Durma (22 Padha), berisi doa-doa keselamatan.

Dhandhanggula

  1. ana kidung rumêksa ing wêngi | têguh ayu luputa ing lara | luputa bilai kabèh | jim setan datan purun | panêluhan tan ana wani | miwah panggawe ala | gunaning wong luput | gêni atêmahan tirta | maling adoh tan ana ngarah mring mami | guna duduk pan sirna ||
  2. sakèhing lara pan samya bali | sakèh ngama pan sami miruda | wêlas asih pandulune | sakèhing braja luput | kadi kapuk tibaning wêsi | sakèhing wisa tawa | sato galak tutut | kayu aèng lêmah sangar | songing landhak guwaning wong lêmah miring | myang pakiponing mêrak ||
  3. pagupakaning warak sakalir | nadyan arca myang sagara asat | têmahan rahayu kabèh | apan sarira ayu | ingidêran kang widadari | rinêksa malaekat | sakathahing rusul | pan dadi sarira tunggal | ati Adam utêkku Bagendha Êsis | pangucapku ya Musa ||
  4. napasku Nabi Ngisa linuwih | Nabi Yakub pamiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangke | Nabi Dawud swaraku | Jêng Suleman kasêktèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Edris ing rambutku | Bagendha Li kulit ingwang | gêtih daging Abubakar Ngumar singgih | balung Bagendha Ngusman ||
  5. sungsum ingsun Patimah linuwih | Siti Aminah bayuning angga | Ayup ing ususku mangke | Nabi Nuh ing jêjantung | Nabi Yunus ing otot mami | netraku ya Mukhamad | pamuluku rasul | pinayungan Adam sarak | sampun pêpak sakathahing para nabi | dadya sarira tunggal ||
  6. wiji sawiji mulane dadi | apan pêncar saisining jagad | kasamadan dening date | kang maca kang angrungu | kang anurat kang animpêni | dadi hayuning badan | kinarya sêsêmbur | yèn winacakna ing toya | kinarya dus rara tuwa gêlis laki | wong edan nuli waras ||
  7. lamun ana wong kadhêndha kaki | wong kabănda wong kabotan utang | yogya wacanên dèn age | nalika têngah dalu | ping sawêlas wacanên singgih | luwar ingkang kabănda | kang kadhêndha wurung | aglis nuli sinauran | mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih | kang agring nuli waras ||
  8. lamun arsa tulus nandur pari | puwasaa sawêngi sadina | idêrana galêngane | wacanên kidung iku | sakèh ngama sami abali | yèn sira lunga pêrang | watêkên ing sêkul | antuka tigang pulukan | mungsuhira rêp-sirêp tan ana wani | rahayu ing payudan ||
  9. sing sapa rêke bisa nglakoni | amutiha lawan anawaa | patang puluh dina bae | lan tangi wêktu subuh | lan dèn sabar sukur ing ati | insa Allah tinêkan | sakarsanirèku | tumrap sanak rayatira | saking sawabing ngèlmu pangikêt mami | duk anèng Kalijaga ||
  10. ana kidung rêke angartati | sapa wêruh rêke aran ingwang | duk ingsun ana ing ngare | miwah duk anèng gunung | Ki Samurta lan Ki Samurti | ngalih aran ping tiga | Artadaya tèngsun | aran ingsun duk jêjaka | Ki Artati mangke aran ingsun ngalih | sapa wruh aran ingwang ||
  11. sapa wêruh kêmbang têpuskaki | sasat wêruh rêke Artadaya | tunggal pancêr sauripe | sapa wruh ing panuju | sasat sugih pagêre wêsi | rinêksa wong sajagad | kang angidung iku | lamun dipun apalêna | kidung iku dèn tutug padha sawêngi | adoh panggawe ala ||
  12. lawan rinêksa dening Hyang Widhi | sakarsane tinêkan dening Hyang | rinêksa ing janma kabèh | kang maca kang angrungu | kang anurat myang animpêni | yèn nora bisa maca | simpênana iku | têmah hayu kasarira | yèn linakon dinulu sasêdyanèki | lan rinêksa dening Hyang ||
  13. kang sinêdya tinêkan Hyang Widhi | kang kinarsan dumadakan kêna | tur sinihan Pangerane | nadyan tan wêruh iku | lamun nêdya muja sêmèdi | sêsaji ing sagara | dadya ngumbarèku | dumadi sarira tunggal | tunggal jati swara awor ing artati | aran sêkar jêmpina ||
  14. somahira ingaran Pênjari | milu urip lawan milu pêjah | tan pisah ing saparane | paripurna satuhu | anirmala waluya jati | kêna ing kene kana | ing wasananipun | ajêjuluk adi suksma | cahya êning jumênêng anèng artati | anom tan kêna tuwa ||
  15. panunggale kawula lan Gusti | nila êning arane duk gêsang | duk mati nila arane | lan suksma ngumbarèku | ing asmara mongraga yêkti | durung darbe pêparab | duk rarene iku | awayah bisa dadolan | aran Sang Hyang Jati iya Sang Artati | yèka Sang Artadaya ||
  16. dadya wisa mangkya amartani | lamun marta atêmahan wisa | marma Artadaya rane | duk lagya anèng gunung | ngalih aran Asmarajati | wayah tumêkèng tuwa | emut ibunipun | Ni Panjari lunga ngetan | Ki Artati nurut gigiring Marapi | anulya mring Sundara ||
  17. ana pandhita akarya wangsit | mindha kombang angajap ing tawang | susuh angin ngêndi gone | lawan galihing kangkung | wêkasane langit jaladri | isining wuluh wungwang | lan gigiring punglu | tapaking kontul anglayang | manuk mibêr uluke ngungkuli langit | kusuma jrah ing tawang ||
  18. ngambil banyu apikulan warih | amèt gêni sarwi adêdamar | kodhok ngêmuli êlènge | miwah kang banyu dèn kum | myang dahana murub kabêsmi | bumi pinêtak ingkang | pawana katiyub | tanggal pisan kapurnaman | yèn anênun sêntèg pisan anigasi | kuda ngrap ing pandêngan ||
  19. ana kayu apurwa sawiji | wit buwana êpang keblat papat | agodhong mega rumêmbe | apradapa kêkuwung | kêmbang lintang salaga langit | sêmi andaru kilat | woh surya lan tèngsu | asirat bun lawan udan | apêpucak akasa bungkah pratiwi | oyode bayu braja ||
  20. wiwitane duk anêmu candhi | gêgêdhongan miwah wêwarangkan | sihing Hyang kabêsmi kabèh | tan ana janma kang wruh | yèn wêruha purwane dadi | candhi sagara wetan | ingobar karuhun | kayangane Sang Hyang Tunggal | sapa rêke kang jumênêng mung artati | katon têngahing tawang ||
  21. gunung agung sagara sêrandil | langit ingkang amêngku buwana | kawruhana ing artine | gunung sagara umung | guntur sirna amangku bumi | rug kang langit buwana | dadya wêruh iku | mudya madyaning awiyat | mangasrama ing gunung agung sabumi | candhi candhi sagara ||
  22. gunung luhure kagiri-giri | sagara agung datanpa sama | pan sampun kawruhan rêke | Artadaya puniku | datan kêna cinakrèng budi | anging kang sampun prapta | ing kuwasanipun | angadêg têngahing jagad | wetan kulon lor kidul ngandhap myang nginggil | kapurba kawisesa ||
  23. bumi sagara gunung myang kali | sagunging kang sèsining bawana | kasor ing Artadayane | sagara sat kang gunung | guntur sirna guwa samya nir | singa wruh Artadaya | dadya têguh timbul | lan dadi paliyasing prang | yèn lêlungan kang kapapag wêdi asih | sato galak suminggah ||
  24. jim pêri prayangan padha wêdi | mêndhak asih sakèhing drubiksa | rumêksa siyang dalune | singa anêmpuh lumpuh | tan tumama ing awak mami | kang nêdya tan raharja | kabèh pan linêbur | sakèhe kang nêdya ala | larut sirna kang nêdya bêcik basuki | kang sinêdya waluya ||
  25. siyang dalu rinêksa ing Widhi | dinulur saking karsèng Hyang Suksma | kaidhêp ing jalma kabèh | aran wikuning wiku | wikan liring mudya sêmèdi | dadi sasêdyanira | mangunah linuhung | pêparab Hyang Tegalana | kang asimpên yèn tuwajuh jroning ati | kalis ing păncabaya ||
  26. yèn kinarya atunggu wong sakit | êjim setan datan wani ngambah | rinêksa malaekate | nabi wali angêpung | sakèh lara padha sumingkir | ingkang sêdya pitênah | marang awak ingsun | rinusak dening Pangeran | eblis lanat sato mara mara mati | tumpês tapis sadaya ||
  27. ana kidung angidung ing wêngi | bêbaratan duk amrêm winaca | Sang Hyang Guru pangadêge | lumaku Sang Hyang ayu | alembehan asmara êning | ngadêg pangawak teja | kang angidung iku | yèn kinarya angawula | myang lêlungan gusti gêthing dadi asih | sato setan sumimpang ||
  28. sakathahing upas tawa sami | lara roga waluya nirmala | tulak tanggul kang manggawe | duduk samya kawangsul | akawuryan sagunging pikir | ngadam makdum sadaya | datan paja ngrungu | pangucap lawan pangrasa | myang tumingal kang sêdya tumêkèng napi | pangrêksaning malekat ||
  29. Jabarail ingkang animbangi | milanira katêtêpan iman | pan dadya kandêl ngatine | Ngijraile puniku | kang rumêksa ing ati suci | Israpil dadi damar | madhangi jro kalbu | Mingkail kang asung sandhang | lawan pangan tinêkan ingkang kinapti | sabar lawan narima ||
  30. yaudaknyêng pamujining wêngi | bale aras sêsakane mulya | kirun saka têngên gone | wa nakirun kang tunggu | saka kiwa gadane wêsi | nulak panggawe ala | satru lawan mungsuh | pangêrêt têngajul rijal | andêr-andêr kulhu balik kang linuwih | ambalik lara roga ||
  31. dudur molo têngayatul kursi | lungguh nèng atining surat Am Ngam | panglêburan lara kabèh | usuk-usuk ing luhur | ingkang aran wêsi ngalarik | nênggih Nabi Mukhamad | kang wêkasan iku | atunggu ratri lan siyang | kinèdhêpan ing tumuwuh padha asih | tundhuk mêndhak maringwang ||
  32. satru mungsuh mundur padha wêdi | pamidhanganing betal mukadas | tulak balik pangrêsane | pan nabi patang puluh | paring wahyu mring awak mami | apan nabi wêkasan | sabda Nabi Dawud | apêtak Bagendha Ambyah | kinawêdèn bêlis lanat lawan êjim | tan ana wani pêrak ||
  33. pêpayone godhong dhukut langit | tali barat kumêndhung ing tawang | tinundha tan katon mangke | arajêg gunung sèwu | jala sutra ing luhur mami | kabèh padha rumêksa | angadhangi mungsuh | anulak panggawe ala | lara roga sumingkir kalangkung têbih | luput kang wisa guna ||
  34. gunung sèwu dadya pagêr mami | katon murub kang samya tumingal | sakèh lara sirna kabèh | luput ing tuju têluh | taragnyana tênung jalênggi | bubar ambyar suminggah | sri sêdana lulut | punika sih rahmatollah | rahmat jati jumênêng wali jasmani | iya sang jati mulya ||
  35. ingaranan Rara Subaningsih | kang tumingal samya sih sadaya | kèdhêp saparipolahe | kèh lara sirna larut | tan tumama ing awak mami | kang sangar dadi tawa | kang gêthing sih lulut | saking dhawuh sipat rahman | iya rahmat rahayu pangrêksanèki | sarana nganggo mêthak ||
  36. yèn lumampah kang mulat awingwrin | singa barong pan padha rumêksa | gajah mêta nèng wurine | macan gembong ing ngayun | nagaraja ing kanan kering | singa mulat jrih trêsna | marang awak ingsun | jim setan lawan manungsa | padha kèdhêp têluh lawan antu bumi | ajrih lumayu nginthar ||
  37. yèn sinimpên tawa barang kalir | upas bruwang racun banjar sirna | têmah kalis sabarang rèh | jêmparing towok putung | pan angleyang tumibèng siti | miwah saliring braja | tan tumama mring sun | cêndhak cupêt dawa tuna | miwah sambang setan tênung padha bali | kèdhêp wêdi maringwang ||
  38. ana paksi mangku bumi langit | manuk iku endah warnanira | sagara êrob wastane | uripe manuk iku | amimbuhi ing jagad iki | warninipun sakawan | sikile wawolu | kulite iku sarengat | gêtihipun tarekat ingkang sajati | ototipun kakekat ||
  39. dagingipun makripat sajati | cucukipun sajatining sadad | êlêdan tokit wastane | anadene kang manuk | pêpusuhe supiyah nênggih | ampêrune amarah | mutmainah jantung | luamah wadhuke ika | manuk iku anyawa papat winilis | nênggih manuk punika ||
  40. uninipun Jabarail singgih | socanipun puniku kumala | anetra wulan srêngenge | napas nurani iku | grananipun tursina nênggih | angaub soring aras | karna kalihipun | ing gunung arpat punika | uluwiyah ing loh kalam wastanèki | ing gunung Manikmaya ||
  41. ana kidung akadang prêmati | among tuwuh ing kawasanira | nganakakên saciptane | kakang kawah puniku | kang rumêksa ing awak mami | anêkakakên sêdya | ing kawasanipun | adhi ari-ari ika | kang mayungi ing laku kawasanèki | anêkakkên pangarah ||
  42. punang gêtih ing raina wêngi | ngrêrewangi Allah kang kuwasa | andadèkakên karsane | pusêr kawasanipun | nguyu ayu sambawa mami | nuruti ing panêdha | kawasanirèku | jangkêp kadang ingsun papat | kalimane pancêr wus dadi sawiji | tunggal sawujud ingwang ||
  43. yèku kadang ingsun kang umijil | saking marga ina sarêng samya | sadina awor ênggone | sakawan kadang ingsun | ingkang ora umijil saking | marga ina punika | kumpule lan ingsun | dadya makdum sarpin sira | wêwayanganing dat samya dadya kanthi | saparan datan pisah ||
  44. yèn angidung poma dèn mêmêtri | mêmulea sêga golong lima | takir ponthang wêwadhahe | ulam-ulamanipun | ulam tasik rawa lan kali | ping pat iwak bangawan | mawa gantal iku | rong supit winungkus samya | apan dadya sawungkus arta sadhuwit | sawungkuse punika ||
  45. tumpangêna nèng ponthangnya sami | dadya limang wungkus ponthang lima | sinung sêkar cêpakane | loro saponthangipun | kêmbang borèh dupa ywa lali | mêmêtri ujubira | donganira mahmut | poma dipun lakonana | sabên dina nuju kalairannèki | agung sawabe ika ||
  46. balik lamun nora dèn lakoni | kadangira pan padha ngrêncana | têmah udrasa ciptane | sasêdyanira wurung | lawan luput pangarahnèki | sakarêpira wigar | gagar datan antuk | saking kurang têmênira | madhêp laku iku dèn awas dèn eling | tamat ingkang kidungan ||