Sêrat Wedha Purwaka

Sêrat Wedha Purwaka selesai pada hari Jumat Paing tanggal 7 bulan Ramadhan tahun Wawu 1865.

Serat Wedhapurwaka merupakan salah satu karya agung dari pujangga kraton R.Ng. Ranggawarsita. Buku ini menjelaskan inti atau benang merah dari kisah wayang purwa yang dikaitkan dengan kemurnian suatu ilmu kesempurnaan. Kisah-kisah tersebut diambil dari suluk-suluk atau juga para ahli yang menggeluti ilmu kasidan jati dengan harapan agar bisa dipergunakan sebagai bahan bandingan bagi para peminat kebatinan dan juga yang menggeluti ilmu teosofi.

Terdapat hal menarik pada Bab IX di serat ini yang ingin kami sampaikan. Bahwa masyarakat Jawa memberikan warna dan memaknai cerita Bharatayudha menggunakan kearifan lokal untuk melihat dari prespektif  berbeda. Ajaran dan keterangan mengenai proses manusia meninggal disampaikan secara gamblang melalui tembang Asmaradana.

2. Dhandhanggula

rasa dadi srirèng Hyang Artati | wasitane para kawi swara | salwir kang kawuryan kabèh | jroning kang buwana gung | kang kumlêndhang ingkang kumrincing | myang kutu walang taga | gulma lata punglu | tarlèn muhung rasaning Hyang | ya Hyang Suksma sumingit ing rasa dadi | uriping tri bawana ||

parandene pilih kang udani | nadyan ingkang sumaksa mangripta | tangèh wruh witing kadadèn | dening datan dumunung | ngandêling tyas yèn Hyang Suksmadi | nartani mring kang ngripta | dene wignyandulu | lan anywara ganda myarsa | têmah mangkya kumawawa murwèng kawi | tan lyan sing purbaning Hyang ||

lan tyas datan kadêrêng marsudi | wit sêdyaning wardaya supadya | dadya darsana ing têmbe | ing pra sewaya sunu | kang ngèstawa rèh wasita di | dimèn saya widada | tyas mardawa mardu | myang măngka pamberat arda | kang supadya aywa andadra mawrêdi | mawèh ruwidèng driya ||

de kang pinèt pindhaning pambudi | pralampita traping kalêpasan | yasaning sang pratamèng rèh | kanang wus sumarawung | maratani sanuswa Jawi | mangka langên winahya | pasamoan agung | winastanan wayang purwa | kang rinipta sing carmèng sato ingukir | rinarêgèng pradăngga ||

wêwarahe pra paramèng kawi | wadining rat yeka kang winêdhar | dhinapur munggwing paramèn | dimèn tansah dinulu | mring sanggyaning sewaya siwi | marmanta rasakêna | wosing wasita yu | ywa katungkul anupiksa | miwah korup warganing carma cinawi | molah nèng kêkêliran ||

sing karsane Kangjêng Sunan Kali | kang mangripta rèh awayang purwa | rineka miring warnane | wit sangking sarak rasul | yèn winangun methok sinirik | laranganing agama | tinêtêpkên mêkruh | padha sinêdya brahala | muwah kadya nêmbah arca mangran warni | tan dadi Islamira ||

nanging eman yèn nora linuri | awit iku yêkti caritanya | lêluhur kang nêrahake | para nata sadarum | satalatah ing nuswa Jawi | trah-tumrah praptèng mangkya | si purwa ing dangu | marmanta kêdah ingandhar | nging ywa kongsi anêrak saraking nabi | dadya riniptèng carma ||

mrih carêma sagung kang nupèksi | nging wasise Sunan Kalijaga | winor rasa panganggite | sinamar myang dhinapur | wêwayangan tinrap ing kêlir | sinolahkên dhêdhalang | rinêngga pinagung | nawalane kawarnaa | sawadine iku dadi wasita di | woding kawruh kasidan ||

purwa madya myang wusana titi | racutane praptèng sangkan paran | turut runtut nora cèwèt | lair batin kacakub | wusnèng wayang winarnèng kêlir | marma ingaran wayang | wêwayangan tuhu | ya wayanganing jiwangga | dera siwah sasolah saplak nyèplêsi | tuhu darsanotama ||

mangkana ta wuryaning wêwardi | dhingin sangking ing jagad gêlaran | winijang siji-sijine | kang nanggap wayang iku | sajatine Hyang Maha Widhi | kêlir iku akasa | dêbog bantala gung | balenconge surya căndra | de kang dadi dhêdhalang iku Tri Murti | wayang sanggyaning titah ||

kapindhone tumrap ingsun iki | kang ananggap iya Sang Hyang Atma | kêkêlir angên-angêne | raga gêdêbogipun | dhêdhalange iku cipta sir | balenconge pramana | wayangira napsu | pêncar dadi păncadriya | kang pradăngga măngka busanane dhiri | marmanta Sang Hyang Atma ||

kang ananggap duk durung ana sir | mosik karsa budi păncadriya | kang ana mung atma dhewe | iya uripirèku | kang amurwèng osik myang wisik | katampan ing pangrasa | têgêse puniku | kang ananggap aparentah | mring ki dhalang murwèng lêlakon saratri | nanging ingkang ananggap ||

mung mangagnya sapisan wus dadi | traping lakon ing saratri pisan | sakarsane dhalang dhewe | kang nanggap mung aminggu | tan nyaruwe nora maoni | praptaning bangun enjang | wayang pêrang brubuh | têkyaning êbyar bubaran | kang ananggap amung kari anampani | pamitane ki dhalang ||

dènirarsa umantuk ing panti | pan mangkana purbaning Hyang Atma | dènnya misik mring ciptane | muhung sapisan rampung | karsanira wus kasrah maring | myang hyang rasa pangrasa | mosik ing tyas tuhu | sakarsane Syang Hyang Cipta | ala ayu Hyang Atma mung nguningani | praptèng wêkasing gêsang ||

kang waspada panduking dumadi | yêgti kadi lakune ki dhalang | duk arsa mulyèng wismane | iya kudu kêpangguh | mring kang nanggap ingkang jaluki | lêlakon sorenira | dadi bisa jumbuh | mulih kadya wiwitannya | lah rasakna sagung anak putu mami | rarase kang sabda ja ||

3. Mijil

kaping têlu kawinarnèng kawi | rarasing lêlakon | wit ki dhalang arsa nglakokake | rèhing wayang winarna ing kêlir | kang nanggap amangsit | mamrih lakonipun ||

kaki dhalang dupi wus nanggupi | amurwèng lêlakon | dyan anata saupakartine | tan antara kabèh wus miranti | pradăngga rinakit | wayange pan anggung ||

munggwing kêlir tinrap kanan kering | gêgunung amanggon | nèng madyane kêlir nglela dhewe | ya ingaran kayon têgês urip | dyan ki dhalang linggih | sor balencong mungguh ||

balenconge wus murup dumêling | mubyar padhang abyor | anêlahi kêkêlir sunare | katon cêtha saananing kêlir | ki dhalang tumuli | mênêng amanungku ||

ngèsthi lakon kang arsa rinakit | ing saratri kono | samantara wus kacakup kabèh | datan kewran mrih solahing ringgit | sigra amiwiti | pradăngga tinalu ||

barêng lawan kêkayon pinusthi | linolos lon-alon | nulya jêjêr apa lêlakone | upamane lakon Mintaragi | ya ing Suranadi | kang kocap rumuhun ||

Sang Hyang Endra ingkang minăngka wit | adêging lêlakon | ya mangkana praptèng sabanjure | kadhatonan myang paseban jawi | sabrangan tanapi | aprang gagal laju ||

pandhitanan prang kêmbang tumuli | sampak tancêp kayon | bali ana ing Kaendran manèh | aran pajar ulihan iyèki | lakon kang amulih | lawan jêjêripun ||

tan antara kinukut kang ringgit | myang salwir pirantos | wus tinata dèn ulihkên kabèh | bali marang asalirèng nguni | kaki dhalang pamit | mulyèng wismanipun ||

pulih kari kang ananggap ringgit | lwir kang wus kacriyos | ya mangkana iku sawadine | kang dhinapur lêlakon sawêngi | adêging ngaurip | wiwiting tumuwuh ||

ya ingaran purwa madya tuwin | wusanèng lêlakon | lêlakone jroning urip kiye | wiwit lair tumêkaning pati | mangkene kang wardi | wiwit jêjêripun ||

pathêt nênêm rasaning dumadi | saking sakarongron | kadhatonan yaiku têgêse | rahsa kumpul nèng swarga ngawiti | gya paseban jawi | iku têgêsipun ||

jabang bayi wus lair nèng jawi | sabrangan kacriyos | bayi uwus tumangkar karsane | darbe mosik sabarang kapengin | prang gagal kang arti | tumangkaring napsu ||

myang mêmangun biraining budi | barang kang karaos | jroning tyase tan kalawan sarèh | isthaning rèh bangbang angulati | saèsthaning kapti | tan kêni sinayut ||

praptèng marga kapêthuk rasêksi | mangrangsang krura ngrok | angalangi sang bangbang karsane | nging sang arya maksa drêng bak pati | raksasa ingusir | ring prang sirna larut ||

nanging iku tan ana pêpati | lire kang mangkono | lagya mêmpêng kabèh karêpane | păncadriya durung ana gêmpil | pama puspa lagi | mèdêm nawung rumrum ||

babar gănda mamrak maratani | tumarunèng ronron | sabubare prang gagal pathête | salin sanga praptèng têngah wêngi | kayon mala mijil | sakêdhap dinaud ||

gya pandhitan maya têngah wêngi | lire yuswaning wong | ya wis têngah tuwuh ing wancine | ya ing kono barang kang kinapti | rarase wus salin | sarwa awas emut ||

dyan prang kêmbang wus ana pêpati | têgêse lamun wong | wus kawawa nayuti napsune | pan wus wiwit bangkit amatèni | păncadriya kang mrih| dur laksanèng kalbu ||

dupi praptèng wanci lingsir wêngi | rarase ginantos | ingaranan pathêt manyurane | lah ing kono upamane janmi| wus kambah sêsakit | amêraki lampus ||

dyan prang sampak têkyaning rasêksi | saking sabrang angrok | angrêrayah ngrabasèng prajane | kawus lumrah lêlakoning ringgit | Wrêkudara dadi | pamuk ing prang pupuh ||

riwut ngrampêt mrawasèng rasêksi | wuru prang rêrêmpon | tan antara buta sirna kabèh | tanpa sesa dening Bayusiwi | Bima sukèng ati | tayungan dyan kondur ||

wancinira wus praptèng byar enjing | bubar tancêp kayon | iya iku kulup upamane | wong wus krasa sangêt kang sêsakit | praptèng sakaratil | katêkan rêridhu ||

gora-godha mrih sasaring pati | ngrayah angraroyok | yèn kalepyan tan têkèng kajatèn | Bratasena kang mungkasi jurit | ya Sang Bayusiwi | têgêse puniku ||

Bayusiwi iku angin cilik | mungguh angining wong | iya napas nupus pradikane| ya ing kono jroning sakaratil | napas kang mungkasi | mênêng têmah lampus ||

dene pathêt pathokaning gêndhing | rarasing lêlagon | kaping têlu saratri saline | sore pathêt nênêm kang lumaris | praptèng têngah wêngi | pathêt sanga kulup ||

manyurane wus mèh gagat enjing | iku mungguhing wong | ing sajrone urip kita kiye | iya uga pinerang dadi tri | anom atanapi | ing satêngah tuwuh ||

nulya sêpuh ngarêpake pati | kang uwus katongton | sayêktine ya salin larase | pra nungkara sayêkti wus tampi | laraping kang wardi | mangkya kang winuwus ||

kayon kang yun winangsulan maning | sajatine babon | ya baboning kang dumadi kabèh | marmanira sadurunge ringgit | mêtu anèng kêlir | kayon kang rumuhun ||

ing sawêngi winêtokkên ping tri | wit karya pasêmon | yèn lakone ing dumadi kiye | iya nganggo purwa madya tuwin | wusana kang wardi | mêtu urip lampus ||

kang murwani muwah kang mungkasi | ya mung kang yun kayon | gajêge uwis abêbasane | kakang barêp adhining wuragil | iya iku urip | nèng ngarsa myang pungkur ||

4. Pangkur

pasal ingkang ping sakawan | Sang Hyang Guru mangkya ingkang ginupit | awit mungguh Sang Hyang Guru | iku ingkang minăngka | bêbukane carita purwa ing dangu | kang nurunkên pra jawata | trah tumêrah praptèng mangkin ||

muni ing Paramayoga | Nabi Adam ya Hyang Adama nguni | kang nêrahkên Sang Hyang Guru | mangkana turutannya | Kangjêng Nabi Adam puniku sêsunu | Nabi Êsis ya Hyang Sita | Sang Hyang Sita asêsiwi ||

Sayid Anwar ya Nurcahya | Hyang Nurcahya tumuli asêsiwi | Sang Hyang Nurrasa sêsunu | Sang Hyang Wênang anulya | putra Sang Hyang Tunggal Hyang Nurcahya sunu |………………………….a | têkèng Sang Hyang Tunggaljati ||

pan wus nunggal sakaanan | lawan sira Sang Hyang Prasidajati | wasitane pra linangkung | iku uga minăngka | pralampita jumênêngirèng tumuwuh | mangkana pradikanira | lire Adam iku uwit ||

iya uwiting dumadya | Sang Hyang Sita iku karsa sajati | têmbung Arab winastan kun | pêputra Hyang Nurcahya | lire karsa nulya babar cahya ênur | ênur nuli murwèng rasa | myang pangrasa cipta êsir ||

ing kono gya sinung wênang | nunggal lawan witing sagung kadadin | lawan nata jagadipun | têgêse wus samapta | wujut titah asipat manuswa tuhu | kang ingakên marang nèng Hyang | myang jumênêng insan kamil ||

ya sampurnaning manungsa | sumarmanta sira Sang Hyang Pramèsthi | nandhang cacat kaping catur | tênggaknya bêlang pêthak | kaping pindho asêsiyung pindha diyu | kaping tiga sukunira | apus pêpês amarênding ||

ping pat astanira siwah | dadi papat têgêse wong ngaurip | ganêpe dènnya tumuwuh | sayêkti kasandhangan | pêpêtênging wardaya awarna catur | apês rusak lali murka | nora kêna dèn singgahi ||

wus dadi busananira | sirnanira benjang yèn praptèng janji | lamun kang waspadèng ngèlmu | sayêkti bangkit berat | rêruwêding budaya kang patang dhapur | ingulihkên purwanira | sampurna lir wingi nguni ||

marmanta Hyang Jagat Nata | apêputra sasanga kang pangarsi | ajêjuluk Sang Hyang Sambu | ari aran Hyang Brahma | gya Hyang Êndra Hyang Wisnu nulya Hyang Bayu | Hyang Kala Hyang Mahadewa | Sang Hyang Cakra asma ragil ||

Hyang Sambo têgêse êsa | Sang Hyang Brahma iku dununge budi | Endra manah dunungipun | Bathara Wisnu rahsa | Bayu nyawa Hyang Kala têgêse napsu | Sang Hyang Mahadewa atma | Hyang Cakra cipta sajati ||

Bathara Asmara Cahya | wahanane ana ing badan dadi | babahan nawa sangèku | grananira kalawan | netra karna lesan murat myang jêjubur | iya wiwaraning raga | dadi warananing Widhi ||

Sang Hyang Guru akahyangan | anèng swarga ingaran Suranadi | ya ing Guruloka iku | sajatine pramana | guruning wong dumunung nèng utêk kulup | Sang Hyang Endra swarganira | Endraloka dèn arani ||

jatine iku pranawa | kakekating rasa pangrasa êsir | dumunung anèng jêjantung | kang aran jana loka | kaswarganing manungsa têgêse iku | panggonaning rasa mulya | rasa ingkang dadi urip ||

nèng têlênging palandhungan | ingaranan wadi madi lan mani | manikêm kang kaping catur | jangkêp swarga têtiga | sajatine mung sawiji kabèh mau | ingaranan toya gêsang | anartani jroning dhiri ||

sumarambah tri bawana | Guru loka Endra loka ping kalih | jana loka kaping têlu | dadi adêging gêsang | dhuh sutèngsun rasakêna trusing kalbu | yèn sira wus bisa tămpa | sampurna jatining urip ||

Hyang Guru ngasta sanjata | apindha cis sarira tri pinusthi | iku tekading aluyut | pinêndêng ywa kalepyan | Sang Hyang Guru garwane Dyah Uma iku | adêging gêsang amawa | kadunungan rasa jati ||

Hyang Guru nitih andana | sajatine Hyang Atma anitihi | budi lawan hawa napsu | Sang Hyang Kanekaputra | kang minăngka pêpatihe Sang Hyang Guru | têgêse iku pangucap | utusane rasa jati ||

akèh yèn winarnèng sêrat | surasane ananya Hyang Pramèsthi | tumèmpèla mring tumuwuh | yêkti para nungkara | kang wus samya analèni wosing ngèlmu | baya nora katambuhan | mamrih gambuh ing pambudi ||

5. Gambuh

bab ping lima winuwus | Pandhawa kang ginupitèng kidung | iku uga pituduh adêging urip | kocap padhalanganipun | Pandhu Dewanata Katong ||

ing nguni kang sêsunu | kang pangarsa Puntadewa Prabu | panênggake Arya Wrêkudara nuli | Arya Parta kang waruju | mijil kêmbar sakarongron ||

sorahe pra linangkung | warna-warna dènnya sung dêdunung | anama rah Sri Pandhu Hyang Atmajati | duk arsa murwèng tumuwuh | ambabar rasa dumados ||

pangrasa hawa napsu | pêncar dadi pănca driya iku | Puntadewa têgêse ya rasa jati | pangarêping rasa catur | iya pănca driyaning wong ||

ya iku napas nupus | lan tan napas anpas limanipun | ya pangrasa marmane kalima sami | nora pisah kudu kumpul | tan kêna gothang sawiyos ||

mula Pandhawa iku | lima samya anggarwa sang ayu | Dyah Drupadi wit Drupadi dèn têgêsi | rasaning manungsa tuhu | yêkti pănca driyaning wong ||

napas anpas lan nupus | myang tan napas samuha ya milu | kasrambahan rasaning rasa sayêkti | nanging kang kuwasa mêngku | pambarêp jatining raos ||

sawênèh asung tuduh | Puntadewa karsa dunungipun | Wrêkodhara iku nasikaning janmi | Dananjaya netranipun | Sang Nangkula karna roro ||

Sadewa dunungipun | iku tutuk mula wujudipun | ing wayangan Puntadewa kang dadya ji | ambêk paramarta sadu | bèrbudi lêgawèng batos ||

dene Sang Bayusunu | dadi senapatining apupuh | ambêk santa rosa santosa ing budi | gagah panggah sarwa saguh | têgên atangginas tanggon ||

dhasar ananing idhup | iya amung garana puniku | ingkang dadi senapati jroning urip | yèn granane mari ngambu | rasane lumpuh kalêson ||

dene Sang Parta iku | iya dadi prajurit linuhung | ambêk alus sarèh lan prayitnèng batin | tan kewran ing agal lêmbut | mrih ajur ajèr tan keros ||

lamun ana pakewuh | Dananjaya kang nuksmèng alêmbut | anupiksa ananing kang sarwa rungsit | lire lamun ana mungsuh | mara sandi mrih kalêson ||

Dananjaya kang maju | ananggulang têlik mara sadu | nora kewran lumawan ing agal rêmit | manjing maring ajèr ajur | Arjuna luwih kuwaos ||

marmanta Sang Aprabu | Darmawăngsa mring ri Endrasunu | dahat dènnya marma lawan trêsna asih | yèn Sang Parta tan kadulu | alêleda lêlanandon ||

Sang Puntadewa Prabu | tyas mangonêng sungkawa kalangkung | yèn tan mulih punagine jroning galih | mung nêmah tumamèng latu | tan arsa jumênêng katong ||

mangkana pindhanipun | lamun mungguh adêging aidhup | yèn netrane wuta tan bangkit ningali | sayêkti susah tyasipun | jasat marlupa sru kepon ||

dene Nangkula iku | lan Sadewa dutane sang prabu | myang nampani sadaya dhawuhing aji | satriya ro barêng maju | tumanggap agnya Sang katong ||

ambêk lêgawa lugu | tyas nglênggahi ugêring wong agung | kang sinanggêm gumêlêng sajroning galih | mung arsa gugu mituhu | dhawuhe raka sang katong ||

marmanta sang aprabu | mring ari ro asihe saklangkung | sari ratri tan kêna pisah sanyari | tansah dènnya runtung-runtung | kadya mimi mintunandon ||

mungguh ananing idhup | kang nampani karsaning tyas tamtu | karna lesan lesan kang mahyakkên angling | karna kang tămpa pitutur | saking jawi trusing batos ||

yèn karnanya myang tutuk | tuli bisu sru susah ing kalbu | marmanira mungguh adêging aurip | yèn patang prakara mau | agothang salah sawiyos ||

kuciwa uripipun | tan sampurna kamanungsanipun | iya iku Pandhawa măngka upami | tansah rêrakêtan rukun | tan pêgat kudu anggolong ||

6. Mêgatruh

pasal ping nêm mangkya kang arsa tinutur | ananing Sri Arimurti | iya Sang Sri Krêsna Prabu | iku pralampita jati | wahananing wujut roro ||

panunggale kawula lan Gusti iku | iya Sang Sri Krêsna yêkti | panjanmane Sang Hyang Wisnu | wujud roro sipat siki | tan kêni pisah sayêktos ||

lira-liru nora kêna parêng mêtu | lamun Sang Krêsna kaèksi | Sang Hyang Wisnu tan kadulu | yèn Hyang Wisnu kang kaèksi | Bathara Krêsna tan katon ||

iya iku pama dat lan sipatipun | nguni duk masih ginaib | têgêse maksih dumunung | nèng jaman dêlahan nguni | sipate durung katongton ||

apan maksih kalimputan ing dat tuhu | wusana duk wus dumadi | ana ing kadunyanipun | êdating Hyang tan kaèksi | kalimputan sipating wong ||

kaping pindho upama jroning panêkung | pangrasa lan atma kaki | lamun nuju tan manungku | atma kalimputan dening | marang urubing pangraos ||

lamun nuju samadi mênêng manungku | Sang Hyang Atma kang ngliputi | marang ing pangrasanipun | marmanta jroning samadi | yèn maksih darbe pangraos ||

lire iku tan dadi samadinipun | mula babo suta mami | rasakêna jroning kalbu | panunggaling kula Gusti | yêkti ana warna roro ||

kang sapisan manunggal jroning panêkung | yèku pangrasanirèki | mung lagi mênêng malêbu | manjing maring atma kaki | durung sirna kang pangraos ||

marmanipun maksih bali dadi wungu | mung kaya tangining guling | bedane ênênging turu | iku aran mênêng lali | balik mênêng sajroning om (samadi) ||

iku iya mênêng nanging lawan emut | mulane winastan eling | awit ana kang tinuju | balik mênêng jroning guling | mênênge nora waspaos ||

dene lamun manunggal sajroning layu | lamun tan kawilêd dening | rêncananing hawa napsu | sayêktine iku mulih | maring êdating Hyang Manon ||

iya iku kang aran layu khayaphu | uwus tan kêna ginusthi | wus waluya mulih luluh | pulih kadi nguni-uni | tan ana raos rumaos ||

mung jumênêng urip ing salaminipun | nguripi sagung dumadi | sato-sato kayu watu | kabèh kaèbêkan urip | ing jaba jêro tan mrojol ||

upamane ya kaya uyah sawuku | cinêmplungkên jalanidhi | yêkti dadi tanpa wujud | luluh ulih awor tasik | mulih dadi samodra rob ||

anguripi saananing sagara gung | karang parang jro jaladri | buwaya mina gung agung | kapithing pèthèk lan têri | kawratan tirta tan anggop ||

parandene ana kang satêngah muwus | ênênge jroning samadi | dinalih lamun puniku | wus nunggal kahanan jati | adhuh babo sutaning ngong ||

sayêktine kaki misih nyamut-nyamut | ênêng sajroning samadi | aran nênging madya kulup | kang mangkono iku lagi | ngemba rarasing Hyang Manon ||

durung kêna dèn andêlakên ing kewuh | lire jroning sakaratil | yèn durung nalèni kawruh | maksih kuwur tanpa èsthi | panthênging tyas tan gumathok ||

tan wun kadi kandhêla tanpa pandulu | pêtêng panduking pangèksi | dene ênênging panêkung | iku ya luwih utami | mangkene lire sutèngong ||

ênêng êning sajroning manungku kulup | iya iku dèn arani | wong amatêngakên laku | kang supadya aywa lali | mring ngèlmune praptèng layon ||

marma parlu linaksanan sabên wêktu | wit upama kalpikadi (ali-ali) | ngèlmu măngka sotya luhung | samadane ingkang dadi | êmbanan êmas mancorong ||

dene Sang Sri Krêsna darbe pusaka nung | paringe Hyang Odipati | awarna rata mas murup | pinatik ing rêtna adi | pangrit kuda kinaota ||

kalih rakit warna-warna ulêsipun | kang sajuga ulês putih | sunya sakti namanipun | bangkit silêm jroning warih | kalih ulês kuning kaot ||

sinung nama sukenthe kuwasa mabur | katrinira ulês abrit | ran bra puspa kwasanipun | abangkit tumamèng agni | kapat ulês irêng kaot ||

wasta ciptawalaha kuwasanipun | bakit amblês apratiwi | lan bêndhe têngraning pupuh | ran panca janya darbèni | prabawa limang pangwaos ||

kang sapisan kuwasa nêkakkên lindhu | wèh gêtêring ripu sakti | kapindho nêkakkên martya (gêni) | musuh kang parêk kabêsmi | katri prabawangin gumrot ||

wèh ruhara ring musuh makêtêr mirut | kaping pat prabawa wrêsti (udan) | akarya atising musuh | ping lima pêtêng nglimputi | wèh liwung kuwuring panon ||

kaya kang wus kawasitèng layang suluk | prasidajati ing nguni | marmanta malih winuwus | nèng wedha purwa supadi | sangkêp surasaning raos ||

ring rèh marah marase Sang Krêsna Prabu | dene pradikane kaki | têgêse rata mas kulup | iya raganing dumadi | kang nitih Sang Krêsna katong ||

iya iku Sang Hyang Atma têgêsipun | kakekating rasa jati | de pangirit kuda catur | abang irêng kuning putih | iya adêging punang wong ||

sayêktine winantu anasir catur | ingkang putih sangking warih | dadi toya rasa iku | lire bangkit nut sèng warih | ing benjang praptaning layon ||

lamun sira amangeran cahya pingul (putih) | nitis maring minèng kali | dene ta sampurnanipun | mung awor alusing warih | tan mulih mring alam laot ||

kuda jênar cahya kuning aslinipun | ya saking alusing angin | madyaning pun dadi nupus | lire bangkit mor maruti | ing benjang praptaning maot ||

lamun mangran maring cahya kuning iku | tan wurung nitis mring paksi | lawas sampurnane besuk | bali mring alusing angin | dene kuda bang sutèngong ||

lamun mangran maring cahya abang iku | lire bangkit nuksmèng api | ing benjang praptaning layu | yèn mangeran cahya abrit | bakal korup kajalomprong ||

nitis maring sato khewan yitmanipun | sampurnanira umanjing | mring panasing Sang Hyang Banu (srêngenge) | dene kuda ulês langking | ya cahya irêng sayêktos ||

asal sangking pêpêtênging buwana gung | dumununge madya dadi | hawa kang mangrèh tyas liwung | lire bangkit malbèng bumi | ing benjang sapraptaning don ||

yèn mangeran maring cahya irêng kulup | nora wurung nitis maring | băngsa gêgrêmêtan besuk | sampurnanira umanjing | mring suwung pêtêng bêgowong ||

dene lamun mangeran Hyang Atma besuk | yitmane yêkti manitis | maring manungsa saèstu | dadi tan têkaning jati | tan mulih awor Hyang Manon ||

mangkya bêndhe panca jannya marmanipun | dadi têtêngêring jurit | lire pratandhaning lampus | benjang yèn parêk ing pati | prabawaning bêndhe katon ||

limang warna kadya kang kawahyèng ngayun | iku kabèh mikatoni | yêkti karya wasing kayun | nanging yèn santosèng budi | kang pănca prabawa kasor ||

kèngsêr larut sirna sir pangwasanipun | wangsul mring asale lami | mênêng mari angrêridhu | puwara yitmanta dadi | mulya mulih ing Hyang Manon wus samono kewala kaya wus cukup | sorahe Sri Arimurti | lan bedaning ngracut ngukut | samadi lan têkèng pati | wong anom dipun waspaos ||

7. Sinom

têlas tekang pralampita | sasmitèng Sri Arimurti | pasal sapta anggupita | surasèng srat Dewaruci | ya Wrêkodhara nguni | rikalane anggêguru | maring Pandhita Durna | aminta kang tirta wêning | iya iku sasmita mangsah samadya ||

têgêse Pandhita Durna | yaiku sêdyaning kapti | awit sêdyaning wardaya | ya dadi guruning budi | iya pituduh jati | atas saking atma tuhu | bima têgêse tekat | barang karya kang kinapti | nadyan uwis ana sêdyaning wardaya ||

lamun nora kanthi tekad | utawa tan dèn lakoni | kabèh karkating parasdya | sayêktine nora dadi | pama arsa samadi | arsa wruh ing nyatanipun | kaanan jro samadya | nanging suthik angayoni | yêkti nora wruh rasane kang sanyata ||

wit gawat kaliwat-liwat | luwih rungsit luwih wêrit | marmanta Pandhita Durna | dènnya nuduh Bayusiwi | dènnya mrih toya sukci | tinêdahkên dunungipun | nèng wana Tikbrasara | kaprênah nèng soring wukir | Căndramuka iya ing Găndamadana ||

pinurih andhungkarana | ananing kang wukir-wukir | wit goning kang tirta marta | nèng guwa ngisoring wukir | luwih jro luwih wingit | pilih janma kang sumurup | yaiku pradikanya | Tikbrasara kang wanadri | wana alas lire pêpêtênging nala ||

Tikbra pradikane susah | sara lêlandhêp kang arti | mulane kinon inasak | têgêse yèn arsa mamrih | nungku samadi êning | nyirnakna pêtênging kalbu | myang salwiring duhkita | kang landhêp ngênani kapti | dèn birata aywa kacakra ing driya ||

lamun wus kaya mangkana | nulya kinèn dhungkar wukir | Căndramuka kalihira | ing Găndamadana ardi | iku têgêse lagi | miwiti traping panêkung | karêpe Căndramuka | hya wêwukiraning rai | iya iku wiwaraning pănca driya ||

dununge kinon ngênêngna | dayaning karna pangaksi | myang dayaning grana lesan | têrange mangkene kaki | karna ywa karya myarsa | saniskara kang karungu | netra aywa tumingal | sawarnane kang kaèksi | lawan mênêng aywa kinarya ngandika ||

yèn wus mangkana anulya | marêk mring ngisoring wukir | Găndamadana artinya | têlênging pangambu kaki | lire kinon ningali | pucuking garana iku | mandêng lakuning napas | aywa worsuh dênnya aring | lah ing kono kaki sira dèn prayitna ||

praptaning kang pambancana | kang anèng jro guwa kaki | iku lire Bratasena | kinrubut ing ditya kalih | Rukmuka kang sawiji | Rukmakala kalihipun | têgêse nêpsu hawa | tansah katingal kalingling | nèng sajroning mênêng angêningkên cipta ||

nanging yèn sira wantala | santosa tan mobah mosik | sayêkti sakêdhap sirna | têgêse Sang Bimasiwi | wus bangkit mamrih pati | nira sang ditya dwi wau | puwara tan antara | Sang Hyang Endra Bayu prapti | sung wasita yèn mrih kasidaning sêdya ||

Hyang Endra lire pangrasa | iya narendraning dhiri | Hyang Bayu têgêse napas | hayat têtalining urip | karêpe kang sayêkti | pangrasanira wus luluh | nunggal lakuning napas | lire sang samadi lagi | praptèng cêngêng pangrasane tan lumaksa ||

durung kêlêm mring pranawa | wusana sang mamrih êning | badhar dening rasa madya | mula durung antuk kardi | wit sangking kurang êning | kurang tekad tan tuwajuh | iku lire Sang Sena | durung nêmu toya wêning | apuwara bali mulih mring nagara ||

takon maning maring Durna | ênggone kang banyu sukci | têgêse sang mêsu brata | ngambali samadi maning | nekat mangsah bêk pati | marmanta Sang Bayusunu | pamit kadange papat | mlêsat kinipatkên sami | pradikane sira sang sudira brata ||

ya wus tan kewran dènira | mrih sirna rêncanèng kapti | ngracut ngukut păncadriya | kêncêng tan oncat sawèni | saking sêkunging kapti | tan tolih ing ngarsa pungkur | puwara Wrêkodhara | anggêbyur ring jalanidhi | lire iku kabèh pangrasaning cipta ||

wus kukut manjing pranawa | parandene ana maning | bancana kang luwih arda | kang bangêt ambêbayani | yèku naga gêng prapti | janggêrêng saengga gunung | malang malang kumambang | nèng ruhuring jalaniddhi | kakarsana mangkas ngakak makikikan ||

Wrêkodhara duk tumingal | maras tyase kêkês tistis | ngrasa yèn nêmu bêbaya | kang aluwih bêbayani | nging rèh sêkunging kapti | sanadyan tumêkèng lampus | wus tan gumingsir ing tyas | pasrah mring kang murbèng pasthi | sigra tadhah ngaglah pagah ambêrgagah ||

wangwang risang nagaraja | sakêdhap wus praptèng ngarsi | kruraya manaut sigra | mring sira Sang Bayusiwi | mulêt suku kêkalih | arsa ambanting mrih rubuh | nanging Sang Wrêkodhara | panggah santosa tan kongkih | naga krodha angga ginubêt sadaya ||

kêmput puput praptèng jăngga | Wrêkodhara tan bisosik | sakala mèngêt manawa | darbe wasiyat prêmati | păncanaka kêkalih | dyan cinublêsakên gupuh | naga gêng kapidhara | uwal saking Bayusiwi | tan antara nagendra têrus palastra ||

iku lire jro pranawa | duk durung tumêkèng êning | êning têlênging pranawa | ya maksih ana kang dadi | bancana gêgirisi | kang mrih badharing panêkung | dene ta ingkang dadya | yaiku sêrênging kapti | nglumpuk têmah mahanani uwasing tyas ||

marmanta rineka naga | goraya anggêgirisi | nanging rèh sang mêsubrata | uwase wus dèn sayuti | tantara sirna dadi | bangkit nêng êning ing ngriku | ginambar Wrêkodhara | manjing têlênging jaladri | apuwara tinêmonan dewa bajang ||

jêjuluk Sang Marbudyèngrat | iya Sang Hyang Dewaruci | têgêse iku pangrasa | patêmon lan atmajati | tantara Bayusiwi | manjing mring jro garbanipun | Sang Dewaruci yeka | pangrasa wus manjing maring | jroning atma warăngka manjing curiga ||

sirna kang rasa pangrasa | wus jumênêng ênêng êning | nanging nêng ning jroning gêsang | durung nêng ning kang sajati | ————————–7i | ————————8u | ———————–7a | mangsuli kulup tan kêni | lamun durung praptèng jamaning antaka ||

dene nèng jro guwa garba | Wrêkodhara aningali | punang cahyane kawarna | wus nora parlu pinikir | marga iku kang dadi | kakekating hawa napsu | kukut nèng jro pranawa | katingalane kawarni | nging wus mênêng mari nora angrancana ||

malah mawèh sêngsêming tyas | sabarang ingkang kaèksi | mung karya lamlaming driya | nanging yèn sajroning pati | nèng kono korup maring | cahya kang asri narawung | tan wun tibèng bêbaya | sasar tan mulya satiti (langgêng) | yèn nèng jroning panêkung tan dadi ngapa ||

marmanta Sang Wrêkodhara | anèng kono têntrêm aring | dening wus tanpa rancana | têlas pradikaning tulis | kang marna Dewaruci | dhuh dhuh babo sewayèngsun | rasakna jroning driya | rungsiting rêrasan iki | dèn kacakup pamucunging pralampita ||

8. Pocung

bab ping wolu amarna Sang Pandhusunu | ya Sang Dananjaya | nalikane mati ragi | kaya kang wus muni ing Wiwaha Jarwa ||

iya iku nora beda nunggal lagu | lungguhing pralambang | lawan layang Dewaruci | padha nawung wasita rèh matiraga ||

bedanipun lan Dewaruci ing ngayun | Arya Dananjaya | tinutur traping samadi | maratapa anèng wukir Ngendrakila ||

tingkahipun nalikanira manêkung | nungku pudya brata | masila asta numpangi | jêmpol ngadêg ing ênêr tungtunging grana ||

sirna sampun kanang kamanungsanipun | wus sarira sukma | tan wèntên kang piniyarsi | myang tan wèntên ingkang pinanduking tingal ||

nging jro kalbu pranawa Sang Pandhusunu | saksat Hyang Wisesa | tan samar pamoring gaib | nglinang suksma dumêling lingga bathara ||

praptanipun rancana jroning panêkung | larase tan beda | lan rasaning Dewaruci | mung lagune kewala salin salaga ||

ringkêsipun tingkahe Sang Endrasunu | dènnya mêsu budya | tan beda lan Bayusiwi | kala krodha dhungkar wukir Căndramuka ||

praptanipun punang apsasari pêpitu | ciptan saking cahya | angrancana mrih gumingsir | lawan dènnya monah wraha Mongmongmurka ||

saminipun Wrêkodhara monah diyu | Rukmuka kalawan | Rukmakala anèng wukir | praptanipun Rêsi Padya ya Hyang Endra ||

sung pituduh maring sira sang palungguh | kinon anêrusna | dènira mêsu samadi | datan lama Hyang Wisesa sung nugraha ||

lan asung wruh uwosing manah manêkung | ana rong prakara | dhingin mrih kamoksan jati | kang kapindho mrih wiryawèng nungsa pada ||

kang kadyèku Dananjaya ywa kaliru | dènnya mêsubrata | yèn datansah anjurungi | ardèng driya pratèng pati kajantaka ||

iya iku tan siwah duk Bayusunu | katêkan jawata | Endra Bayu asung wangsit | mring Sang Sena jatine kang tirta marta ||

iya tuhu anênangi tan nèng gunung | kinon bali tanya | mring Sang Kumbayana Rêsi | Pandhusuta matèni Niwatakwaca ||

iya tuhu anênangi tan nèng gunung | kinon bali tanya | mring Sang Kumbayana Rêsi | Pandhusuta matèni Niwatakwaca ||

sarana hru pasopati saminipun | Bima monah naga | lan păncanaka kêkalih | Dananjaya mukti anèng Tenjomaya ||

pitu tèngsu tanapi ingambil sunu | mring Endra Bathara | sinung garwa widadari | sapta ingkang ngrancana nèng Ngendrakila ||

padhane duk nalikane Bayusunu | nèng jagat walikan | panggih lawan Dewaruci | lan non cahya kang wèh asmaraning driya ||

9. Asmaradana

titi dènnya marnèng tulis | warnining Wiwaha Jarwa | pasal sanga winiraos | surasèng srat Bratayuda | wasitaning sujana | yeka pralampitanipun | janma mangkat ing kasidan ||

mangkana dènnya mardèni | papan Têgal Kurusetra | iya ing Găndamayine | iku kang minăngka jasat | kurune salirira | pasetran dununging lampus | Găndamayi mambu sawa ||

Pandhawa pangrasèng janmi | ya têlênging păncadriya | Sri Krêsna măngka rasane | mula nora bisa pisah | rasa lawan pangrasa | salawase rakêt rukun | lir alun lawan samodra ||

yèn dinulu katon kalih | jatine amung sajuga | rasa lawan pangrasane | Kurawa Ngastina pindha | hardaning napsu hawa | ingkang tansah angrêridhu | murih sasaring pangrasa ||

rêroncène yèn winarni | marmanta Bathara Krêsna | dadi pêpucuk kinongkon | mring Ngastina manrang karsa | têgêse yèn manungsa | arsa katêkan ing lampus | rasa măngka dutaning hyang ||

lire yèn parêk ing pati | rasanira wus karasa | sulaya lawan sabêne | yèku rasaning paningal | wus tan pati waspada | muwah rasaning pangrungu | wus suda nora têtela ||

tanapi rasaning lathi | dènnya ngrasakke sad rasa | pêdhês asin lêgi gurih | kêcut paid ya wus suda | myang rasaning panggănda | arum amis bangêr langu | wus owah lan sabênira ||

karsaning kodrat supadi | pangrasa tata-tataa | mrih samaptaning kapatèn | ya sangkêping bratayuda | brata laku yuda prang | yêktine jroning lêlaku | kalakon prang păncadriya ||

dene jroning andon jurit | rèhing aprang bratayuda | ya dadi pralambang manèh | pralambang antêping tekat | tekat ingkang sanyata | nyatakake wosing kawruh | kawruh jatining kasidan ||

akèh yèn winarnèng tulis | surasane Bratayuda | kang nawung gita kawêkèn | tan bangkit gayuh sadaya | wasise sang sujana | ing nguni ingkang mangimpun | tuhu putus ing kasidan ||

ing mangkya ingkang ginupit | pinèt kang parlu kewala | sajroning pêrang rêrêmpon | wit Nata Pandhawa budhal | saking nagri Wiratha | Bima kang măngka panganjur | Bima iku Bayusuta ||

Bayusuta angin cilik | wus muni ing pasal tiga | yaiku napas dununge | jalma arsa têkèng lina | yêkti napas kang măngka | pangarêp ngirit sawêgung | rasaning jasat sadaya ||

rikala têmpuh ing jurit | senapati Seta pêjah | Wara Bisma praptèng layon | Seta iya cahya pêthak | ya pangarêping cahya | abang irêng kuning dadu | kawêngku ing cahya seta ||

iku alusing tri murti | ya anasir pat prakara | kang anartani jasate | wus ginggang saking sasana | ya saranduning raga | Bismèku sêrênging kalbu | pan wus sirêp maring harda ||

Abimanyu senapati | mati dinêrês ing panah | panggah tan mingkêt sangking gèn | lah iku antêping tekad | sajroning alêlampah | têtêg panggah nora keguh | rinoban sakyèh rancana ||

Wasana sajroning jurit | Sena kang ansah ngerampas | mungsuh kapanggih linayon | kanthi arya wresniwira | iya satyaki lirnya | ing sajroning sakratul | amung Napas ingkang tansah ||

Angracut rasaning dhiri | lwan sedyaning wardaya | terus tan mandheg tumoleh | ngukut ngracut sakeh rasa | Gathutkaca palastra | puniku upaminipun | sireping kang kawentaran ||

Dursasana angemasi | dening arya Wrekudara | lan kuku den udhet-udhet | Dursasana tegesira | enggoning ala-murka | ya wus sirep tan lumaku | dening kinukut ing napas ||

Resi Kumbayana mati | Kumbayana teges wadhah | karepe iku ilange | tuking sagung kanuragan | kang karya umuk-umbag | Adipati Karna lampus | iya pepeting talingan ||

Lire wus mari miyarsi | kang pamyarsa kukut marang | sajrone pranawa awor | lawan rasaning pangarsa | kari sakedhep sirna | ing kono nggoning reridhu | kang luwih karya bebaya ||

Yeku sang mandraka aji | Prabu Salya senapatya | Krodha madyaning palugon | Pandhawa maras tyasira | Bathara kresna ingkang | asung pratikeling laku | manawa narpati salya ||

Tiwikrama matek aji | Mahyakken Candhabirawa | buta salah rupa angrep | kinen umeneng kewala | lawan akekudhunga | sayekti drubiksanipun | tutut-mari anggegodha ||

Dyan sang Puntadewa aglis | mustia kalimasadha | sawatna Sri Salya age | yekti Prabu Salya muksa | sagung rotadanawa | sirna mulya dadi alus | waluya munggwing kahyangan ||

Duk wus kaleksanan sami | lir dawuhe prabu kresna | Pandhawa sru sukeng tyase | mungsuhe kabeh wus brastha | Kari siji sang nata | Prabu Suyudana iku | nging wus sasat tanpa daya ||

Wus ngungsi sajroning warih | susah dahat kawiasarsa | Ingupaya satemune | Dyan Wrekudara umangsah | mrawasa amisesa | Suyudana anggaluruh | pinupuh ing gada seda ||

Tetep Sena kang miwiti | mungkasi prang Bhratayudha | sapatine sang akatong | Sri Suyudana ing mangka | ratuning ala murka | Pandawa suka tyasipun | Seneng mulya salaminya ||

Marma Sena kang ngrampungi | menenging prang Bhratayudha | kang mengkoneku karepe | sajroning mancat kasiddhan | tan liya amung napas | ingkang ngracut myang kang ngukut | rasa pangrasaning salira ||

Amiwiti amungkasi | menenge Napas winastan | jasade tumekeng layon | ya ing kono ing kamuksan | lamun wus nginum rasa | rasaning ngelmu linuhung | sayekti nemu sarkara ||