ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦧꦿꦗ꧉
— ꦫꦶꦪꦺꦴꦥꦿꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀
1:1 | Hyang Gusti kang Maha hanekseni, Langgeng mulya slamet lan raharja, Gegedhong nungkat gaibe, Martyabaka winengku, Tuhu amung marang sang Widhi, Mataya lan paminta, liyang merliyang ingsun, Wahunhna marga lamba, Yeka margi, ingkang paduka èstrèni Tebih ing durgamala. | |
1:2 | Iti denya kang sastra sinandhi, yen ta sira anggaduh pusaka, wesi aji sawarnane, dhapur kang mengku tutur, kekarepan sajrone ngurip, pamor mungguhe donga, mring gusti kang linuhung, tuhu kebak ing sasmita, mara sira ywa ta kendat hamarsudi kongsi dadi pepadhang. | |
1:3 | Kang sepisan, sang dhapur winarni, Nenggih karas sipat wêwangunan, minăngka nitik jênênge, pan leres lan ingeluk, tansah ginunggung ing ganjil, silih gatra kacandra, ricikaning dhapur, siwah isen nirang aran, anut tutur, dahat sang wiku angesthi, winengku sastra bajra. | |
1:15 | Paripurna kang esthi sejati, wiradatnya ponang pusaka, kadga-warastra pindhane, sasra bajra rinacut nunggal sedya giliging kapti, murub lir prabaswara, kang sekti satuhu, pan bangkit dadya tetulak, mugi gusti datan kendhat hangayomi, salim slamet lan salam. | |
5:10 | Nenggih aran sang Pandhawa Cinarita, Marcukundha ya Resi, Gatrane luk lima, lumrah kang kêmbang kacang, sogokan ngajêng lan wingking, Mejet sraweyan, lambe gajah sawiji, | |
5:11 | ri ning pandhan, lan gumbala rerenggannya, Macan lan Nadhung nenggih, Sucining brahmana, Dahat manembah ing Hyang, Majapahit kang nagari, Pengkuh apanggah Tinulad amalati. |