Serat Nyupurusa
ꦚꦸꦥꦸꦫꦸꦱ꧉
ꦆꦔ꧀ꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀꧉
— ꦫꦶꦪꦺꦴꦥꦿꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀꧉
ꦥꦤꦸꦠꦸꦫꦤ꧀ ꧇꧑
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧑꧈
꧑ | ꦲꦩꦸꦂ꧀ꦮꦤꦔꦶꦢꦸꦁꦉꦱ꧀ꦥꦠꦶ꧈ ꦱꦼꦢꦾꦤꦭꦲꦔꦿꦸꦏ꧀ꦠꦶꦧꦸꦝꦪ꧈ ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦁꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦮꦼꦮꦫꦶꦱꦺ꧈ ꦩꦸꦒꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦠꦸꦲꦸ꧈ ꦥꦫꦶꦁꦢꦪꦔꦿꦩ꧀ꦥꦸꦁꦏꦺꦏꦥ꧀ꦠꦶ꧈ ꦭꦤ꧀ꦧꦒꦱ꧀ꦏꦮꦫꦱꦤ꧀꧈ ꦩꦶꦮꦃꦧꦸꦝꦶꦭꦸꦲꦸꦂ꧈ ꦲꦩ꧀ꦧꦧꦂꦏꦁꦱꦤ꧀ꦝꦶꦠꦩ꧈ ꦊꦭꦏꦺꦴꦤꦺꦥꦫꦲꦒꦸꦁꦫꦶꦁꦏꦮꦸꦤꦶ꧈ ꦩꦿꦶꦃꦠꦼꦥꦭꦤ꧀ꦠꦸꦭꦝ꧉ | Amurwani angidung rêspati, Sêdya nala angrukti budhaya, Sumbang kanggo wewarisé, Mugi Gusti satuhu, Paring daya ngrampungké kapti, lan bagas kawarasan, miwah budhi luhur, ambabar kang sandhitama, lêlakoné para agung ring kawuni, mrih têpa lan tuladha. | |
꧒ | ꦢꦺꦤꦺꦆꦔ꧀ꦮꦁꦏꦁꦲꦚꦼꦫꦠꦿꦸꦏ꧀ꦩꦶ꧈ ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦧꦼꦏꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀꧈ ꦲꦩꦸꦁꦚꦼꦫꦠ꧀ꦱꦩꦸꦂꦮꦠꦺ꧈ ꦤꦺꦴꦫꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦭꦶꦂꦩ꧀ꦥꦸ꧈ ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦤꦺꦥꦸꦗꦁꦒꦲꦶꦁꦔꦸꦤꦶ꧈ ꦲꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩ꧈ ꦏꦁꦩꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸ꧈ ꦱꦶꦱꦶꦥ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦶꦫꦶꦁꦥꦏꦂꦪꦤ꧀꧈ ꦩꦸꦒꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧈ ꦱꦮ꧀ꦭꦶꦫꦶꦁꦏꦊꦥꦠꦤ꧀꧉ | Dene ingwang kang anyerat rukmi, Abdi bêkêl ing panitisastran, Amung nyêrat samurwaté, Nora tumindak lir mpu, Pindhane pujangga ing nguni Anyuwun pangaksama, Kang mawantu-wantu, Sisip sembiring pakaryan, Mugi konjuk dhatêng panjenengan sami, Sawliring kalepatan. | |
꧓ | Ginupita carita ing nguni, praja agung ing gisik bêngawan, kanyuruhan den arané, ngétan paran lumaku, saka agraning ardi kawi, kinupêng sèwu arga, harjuna kang mangku, lêrês ing sisih ngutara, rinumpaka luhur tinata sêkar budi, mardawa ing ukara. | ||
꧔ | Dèn sanyata wiyaring kang nagri, Têpis kulon kawi kang aldaka, Ngétan mèru têpiné, Yén ta sira anglabuh, lêlayaran anut ilining, Brantas ingkang narmada, Campuhing kang banyu, Mancik ing pracimantara, Ngidul bablas munggwing têpining jaladri, Nihan wêngkoning praja. | ||
꧕ | Angilak ijo yénta kaéksi Têbaning sawah lan pêkarangan Wanantara êmbané Subur kang tanêm tuwuh Dadya jagang harjaning nagri Makmur kang ahlul dagang Satataning laku Tumekeng sanjaban rangkah Kabeh sami saiyêg saéka kapti Anut darmaning angga. | ||
꧖ | Sintên nênggih kang hanyakrawati, Hanjayéng sakabèh tribuwana, Déwa Simha jejuluké, Wirotama sang prabu, nyata gunungan sénapati, teguh timbul prabanya, bhirawa ing kéwuh, nanging adem ing parentah, Memayungi kabeh saisining nagri, Wijaya paramarta. | ||
꧗ | Sapraja nungkul anembah bekti, Marang bodhi kalawan hyang siwa, Anguswa ing pepadane, Mila tan mokal lamun Hyang rudra ingkang hanyotyani, Ing jro jabaning pura, Pindha agni murub, Mbesmi wataking culika, ngobar bali suci kang durjana diti, paran hayuning praja. |
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧑
꧑ | Makana swasaning nagri, Smaradhananing dewa, Mangka ginedhong jarwane, Saking luhuring kang kandha, Ywa tutug yen sadina Gumanti giliring wuku, Sèbêt byar kang sanalika. | ||
꧒ | Gantosing carita niki, Kinon ing jaman samana, Sang prabu amrih kersané, Têntinjo karang pradesan, Kukubing kanyuruhan, Mila dhawuh mring sang juru, Atut laku papantaran. | ||
꧓ | Sigeg ing ngajenging gatri, Asri mulat kang gapura, Ngungkuli pucang luhure, Baluwarti lir taksaka, Tepung dhatulaya, Rinengga ing cawen luhur, Sastra cetha nir ing papan. | ||
꧔ | Ngalor kang laku nireki, Nambang ing lepen amrêta, Gya sesuci risang katong, Badhe angayahi darma, Tilik harjaning praja, Mugi lampahe jinangkung, Gusti kang maha amurba | ||
꧕ | Wesan gawe wus humancik, Lampahing sri nara nata, Pacrabaan ya ing kono, Sinten tha ingkang mawisma, nenggih sang wiku dibya, miwah ingkang para sadu, bhaktine resi Agastya. | ||
꧖ | Sinubya kabehing resi, agya ingacaran lenggah, limasan wewangunane payung akatti kamangka mapan sisihing sendang sinedah kang gempur watu, sang katong aris sabdanya | ||
꧗ | Duh dang hyang pepunden mami, Paran martaning paduka, Ywa kagyat nampi sowane, Keng putra pun dewa simha, Sowan tan tinimbalan, Heh kaki enggala matur, Apa tha kang dadi sedya. | ||
꧘ | Atur rembage sang aji Sedya ambangun asrama Minangka bakti dewane Kang sampun paring nugraha Wujud putra sampurna Mila atur mring sang wiku Arsa yasa kalasanja. | ||
꧙ | Dahat kepranan sang resi Sedya tulusing narendra Palinggitan beh isine Bakal jumurung ing karsa Sumbang sabarang karya Adresing kang paring atur Binarung sukaning manah | ||
꧑꧐ | Tuhu katrem sang narpati, Tan kraos wus gagat enjang Gya nimbali singosaren Atur sasmita siyaga Tata baris kang wadya Kapalan wadya sawegung Mbayangkari sri narendra |
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧓
꧑ | Nênggih kang pra dibyanung singêp waspada datanpa rangu gumulung lir mendung lebu tan sinipi tapaking kuda kang tawur prasasat tan ana pedhot | ||
꧒ | Nadyan ta amung satus Wadya ingkang humiring sang prabu Tuhu surengrana tetungguling jurit Tan mingkus ndawêging kewuh Nyata tangguh tanggap tanggon | ||
꧓ | Ya makana sang prabu Milang kori mring sakehing talun Nenggih ing dukuh wurandungan pun ngancik Lumbunging praja satuhu Pepak sadaya katinon | ||
꧔ | Mungguh tuwa lan juru Pradesan ing lor etan lan kidul Miwah kilen pan samya marak angampil Kebak amblabar hangalun dahat umyung yen katinon | ||
꧕ | Têngangé wus sumunu Sanghyang surya rumeksa satuhu Mila sareh ngranti kang arka lumingsir Sinawung ampang rerembug Sinelan geguyon maton | ||
꧖ | Marak ira sang juru panakawan kinasihing prabu tumuli humatur mring sang narapati dene ingkang nunggal laku rêréndét luh kang panganggo | ||
꧗ | Sigra sang prabu andangu Nenggih marang risang tuwa buru Pagéné sumengka lir pangawak braji Sumêmbah sarwi humatur Lenging kapti kang kinongkon |
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧔
꧑ | Duh sang prabu dene wang kang mangarsa Atur sembah sang aji Dene murang tata Sowan tan tinimbalan Kasurung bingunging ati Lelakon ingkang Anempuh karang kitri | ||
꧒ | Balingawan nenggih nami kang pradesan Ya kono gubuk mami Kupeng tetegalan Wetane narmada Ingkang nama kalisari Wus sapandurat Ndadak lir gandamayi | ||
꧓ | Paman buru gya walaka atur ira Sira nyebut sang kali Ya ingkang rumeksa Gandamayit kang aran Paran warta kang sayekti Boya kangelan Sun bakal hamiyarsi | ||
꧔ | Groyok nenggih atur ingkang den dinuta Lir banjir bandang yekti Hamuwusing rasa Carita kang kamangka Ngamuke si kala sakti Ingkang kataman Punggêl yuswa nireki | ||
꧕ | Babo-babo nirang satru pan digdaya Tan gatra tan kaeksi Getap sri narêndra ngundang si wrêhatbala kinen ngiringkên sang pati anempuh lawan panggah sri surèngpati | ||
꧖ | Mapan lingsiring surya mangsa katiga Tinrajang riris hardi Pedhut lelimengan Wreksa wikara janma Wimbuh rungkuting wanadri Atur sasmita Si Juru hamangsuli | ||
꧗ | Dene prapteng wetane papan kaangkah Balingawan pan nami Tintrim sepi sunya Raras lir ing pasetran Apan kombang tan kaeksi Amung swaranya Kedasih tyas malatsih | ||
꧘ | Seru nenggih dumadak kang gora swara Bilulung aswa neki Gumerot kang wreksa Lir gumlundhunge sela Gora reh kagiri-giri Nenggih praptanya Brahala salah warni | ||
꧙ | Heh danawa ya paran praceka nira Dedangka ndi makirih Dene murang tata Hambengkasi kang janma Sun pager jaganging nagri Sang Dewa Simha Kanyuruhan nagari | ||
꧑꧐ | Ngakak ladak ingkang sami salah rupa Aguyu tanapi sepi Papat kang wasita Kang aran kala johar Miwah pujangga pujanggi Myang ontarwiyah Para reratu demit | ||
꧑꧑ | Ingkang padha regejegan tawur ujar Sulaya mangka twasi Padha sura panggah Nguja kasudirannya Midhang jaja tanding aji Mangka mangsanya Tuwuh ron kamaligi |
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧕
꧑ | Ki Juru kang tansah mulat Tuwa buru kang ngrowangi Sajak rengu ulatira Wanuh satru kang sayekti Para jim salah rupi Mula kalis ing pati pun ywa brekasakan wantah sari sarining wanadri paring atur sampekane satrukala | ||
꧒ | Kagyat risang narapatya Midhanget aturnya kaki Sandine si satrumurka Tan pasah lelandhep bumi Amung weninge ati Kang kawasa ngobar satru Kabeh gya kinongkonan Samadi hangesthi Gusti Mawur sumyur kabrastha genine nala | ||
꧓ | Amung papat kang mangarsa Gatra manungsa sakalir Nadyan sang prabu tan kewran Menika kang amerangi Ring lenggah mangenjali Temah andhap nungsung atur Luput pun den lengkara Nyadhong aksamane aji Lelamatan jago kluruk wus kapyarsa | ||
꧔ | Sira kabeh piyarsakna Atur ingsun kang sinandhi Apan sumeleh kang salah Kudu tinebusing kapti Myang resike kang ati Ywa nganti cidra janjimu Ywa janji mring jeneng wang Janji mring angga pribadi Tuhu kuwi kang sun jaluk marang sira | ||
꧕ | Wekas ingsun marang sira Balia ngalam ing nguni Sunyaruri ingkang jagad Ngrumeksa sawadya neki Heh pujangga pujanggi Mapana ing mahameru Singasari sang johar Ontarwiyah tengger nagri Rumeksaa kanyuruhan sakrandahnya | ||
꧖ | Duh sang prabu sembah kula Dadi bebetenging nagri Lamun isih jejeg ingwang Tan bakal tinempuh diti Kanyuruhan kang nagri Tansah unggul lan misuwur Nadyan gumanti praja Raharja kalis ing kali Nyuwun palilah mugi hyang ngijabahi | ||
꧗ | Katutura sang dewa simha Pat windu anjayeng nagri Tentrem tata lan raharja Yuwana miwah basuki Dene wus titi wanci Luntur kaprabon mring sunu Sang Liswa kekasihnya Ingkang lenggah dhampar gadhing Ya Shri Gajayanalingga Jagatnata |
ꦥꦤꦸꦠꦸꦫꦤ꧀ ꧇꧒
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧑
꧑ | Dene sigeg kang kajarwi, Hing panuturan kasiji, Luhur tanpa timbang lire, Nara prabu dewa simha, Mangka jaman wus gantya, Dahat peni yen kawuwus, Ya jaman salaka rukma. | ||
꧒ | Nuju satunggaling ari, Nenggih buda wage ratri, Kala temu dewasane, Mapan ing prabasuyasa, Paningrat brang lor wetan, Lenggahan linemek babut, Sinambi mirengke gangsa. | ||
꧓ | Sri nata tuhu amiji, Sagung prajurit sumingkir, Telung panyawat adohe, Mligi ingwang lan warangka, Nata ing kapatihan, Miningka rowang sang prabu, Lelangen sastraning janggan. | ||
꧔ | Masrambah lagoning gendhing, Dahat andupara sang sri, Saklimah tan na cature, Amung sadhakep sajuga, Lir campuh ingkang rasa, Nuju sasuwuking lagu, Ki patih atur sabawa. |
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧒
꧑ | Wewangun panembah yekti, Mapan ing punjering graha, Pinetha galihing kayon, Amrik gandane cendana, Maweh rarasing driya, Endah warni yen kadulu, Sumorot pindha Kartika | ||
꧒ | Nanging eman sawatawis Gatrane kang kalasaja, Wus kalah lawan jamane Gingsir tabêté mustika Sumendhal sang aprabu Tumetes lingganing kang luh pindha rinujit wardaya | ||
꧓ | Heh, ki juru den mangarsi Mula sira piyarsakna Dhawuh ingsun kalakone, Yen ta wus mancik ing kala Putraningsun sang Liswa Yen bangkit anggubah yeku Pêpêthan mungwing sasana | ||
꧔ | Tan ngetang awan pa wengi, Sun bakal aluntur praja, Mahas ing asepi lire, Mula sira ywa kangelan, Enggal sowan sang Liswa, Duh aji Kawula nuwun, Pun abdi madal pasilan. | ||
꧕ | Sajuga nahen sang pati Ngeningken kang pancadriya Anut reruntung ciptane Wimbuh mrik kelune dupa Nunggal rasa lan rahsa Byar padhang tanapi semu Tan damar tan bagaskara |
ꦥꦤꦸꦠꦸꦫꦤ꧀ ꧇꧖
ꦥꦸꦥꦸꦃ꧇꧑
mijil nenggih sang sri maha yogi, lir wangsalan semon, mulat sang wibatsyuh panembahe, raga suci hanuju mring gusti (1948), gya humatur aris, hanenggih sang wiku. | munculah sang raja mahatapa, wajahnya penuh tanda tanya, melihat sang wibatsyuh (arjuna) yang dengan hormat, badan suci untuk menuju ke Tuhan (tahun penciptaan 1948 Jawa), segera berkatalah dengan sabar, demikian sang pertapa. | ||
wruhanana heh palguna, aja nganti sanggarunggi, ora gatra ora gantha, mung sanepa kang winardi, ya makutharama sri, tuhu arane kang wahyu, tuwuhing kanugrahan, saka temening pangudi, satemah jinangkung gusti salakunya, | ketahuilah hai palguna (arjuna), jangan sampai ragu-ragu, tidak berbentuk dan tidak berwujud, hanyalah sebuah kiasan rahasia, ya Makutharama Sri, demikianlah nama dari wahyu, tumbuhnya sebuah anugerah, (jika) datang dari pencarian, maka akan didukung oleh Tuhan perjalanan (hidupnya). | ||
nenggih sri kang nama nira gelaring ratu ya kuwi tuwin makutha kajarwa yekti ageman sang pati rama ingkang ginupit tuhu wewadhag sang wisnu Maryada Purushottam, jarwane ingkang sinandi, dahat kinanthi mardawa tyas sang parta. | Disebut Sri namanya, Merupakan gelar dari seorang raja, dan Makutha yang disebut, merupakan pakaian dari sang raja, Rama yang diceritakan, merupakan avatara sang Wisnu, Maryada Purushotam (Sebutan Sri Rama), demikianlah arti yang dirahasiakan, sungguh dengan bahagia hati dari arjuna. | ||
kandheg sang wiku hatutur, ningali njawining gatri, saindenging pacrabaan, dahat peni saha asri, sorote sang sasadara, maweh jenjeme kang ati. | terhenti sang pertapa dalam berkata, melihat keluar pintu, sekeliling pertapaan, sangatlah indah dan asri, sinar dari rembulan, sangat menenangkan hati. | ||
binarung swara anglangut, rebut slaga rebut warni, kang warih lan samirana, manyura kadi ing nguni, myang swaraning buron wana, dasar mangsane wus lingsir. | bersama dengan suara berbisik, berebut keindahan dan warna, dari sungai dan angin sepoi-sepoi, beserta suara merak, dan suara hewan-hewan hutan, memang saatnya sudah larut malam. | ||
sungging brangta duh sang wiku, eling rumuhun sayekti, carita datan kawedhar, mung sagebyar pindha thathit, tinilar sang madubrangta, sumendhe kersane gusti. | tersenyum simpul sang pertapa, teringat akan masa lalu, sebuah kisah yang tidak pernah terceritakan, hanya sekejap seperti kilat, ditinggal sang kekasih hati, hanya berserah diri kepada Tuhan. | ||
dhananjaya mung sadeku, ngranti dawuhe sang resi, kaya madu pinasthika, tumetes sarining warih, rumesep sajroning nala, mugi gusti ngijabahi. | dhananjaya (Arjuna) hanya bersila, menunggu ucapan sang Resi, seperti dari madu yang sangat manis, meneteslah sari-sari air, meresap didalam hati, semoga Tuhan memberkati. | ||
nyata wahyu mengku laku, nuli lakonana kaki, kasebut ya hastha brata, wolung darma kang kaesthi, yen sira tuhu sembada, widagdo hamangreh bumi. | Tentunya wahyu memerlukan perjuangan, maka lakukanlah nak, yang disebut sebagai Hastha Brata, Delapan darma yang disebutkan, kalau kamu berhasil melakukan, akan dapat memimpin dunia. | ||
surya candra miwah tengsu, himanda bumi lan geni, nulaten si jaladara, nuli tan keri maruti, ywa pisah pambegan nira, anut dewasaning kapti. | matahari bulan dan bintang, mendung bumi dan api, lihatlah sang laut, juga tidak ketinggalan (sang) angin, jangan pisah dari kelakuanmu, selalu bersama selamanya. | ||
pisan arka ambegipun, ingkang tansah amadhangi, warata sajagad raya, rumagang lumadi urip, ketaman dayane panas, ya urup ndawege urip. | Pertama sifat matahari, yang selalu menerangi, merata seluruh jagad raya, bekerja melayani kehidupan, dikarenakan daya dari panas, ya menerangi juga menghidupi. | ||
mula yoga kang katutur, yen ta sira madeg aji, kudu bangkit paring srana, mrih rahayu wong sanagri, ya kang laku dedagangan, uga kang ahlul tetani. | maka kelakuan yang disampaikan, kalau engkau menjadi pimpinan, harus mampu memberi sarana, agar sejahtera orang senegara, baik yang berdagang, dan yang bertani. | ||
kalebu kang tanem tuwuh, tansah wani hanguripi, kena dayaning pratangga, tetulung miwah ngayomi, ing dalane kautaman, iku pambegan kasiji. | begitu juga yang bercocok tanam, selalu mampu untuk menghidupi, terkena daya dari matahari, menolong dan mengayomi, di jalan keutamaan, itu adalah sifat yang pertama. | ||
pindho lakune sang tengsu, padhang tan hambalerengi, adem jenjem jroning nala, dadi ujwalaning ratri, jroning peteng gagapana, dadi obor laku reki. | kedua adalah sifat dari rembulan, terang tapi tidak menyilaukan, dingin tenang di dalam hati, menjadi penerangan di malam hari, dalam kegelapan (maka) carilah, (agar) menjadi obor semua langkahmu. | ||
kacakup bisaa rampung, tansah sepi ingkang pamrih, ya ing kono mapan darma, shangyang candra kang ngreksani, nenggih ya sasadhara, kang bangkit ngracut kingkin. | terangkum agar bisa selesai, selalu tidak mengharap balas jasa, disitulah tempat dari darma, shangyang candra yang memimpin, atau sang sasadhara (rembulan), yang selalu mampu menghapus kesedihan. | ||
apa sira nate ndulu, kembang tawang wanci ratri, heh palguna sang sudibya, pan tumenga kang wiyati, kartika lir silih pernah, pindha sesotya kang warni. | apakah kau pernah memandang, bunga langit di malam hari(?), hai Palguna (arjuna) yang sakti (?), menengadahlah ke angkasa, bintang yang berselang-seling, seperti permata warnanya. | ||
mula sira yen kadatu, aja kendat hamemuli, rasa girang jroning nala, kabeh saisining nagri, mrih rahayu lan yuwana, saiyeg saeka kapti. | maka kau jika diangkat (sebagai) pemimpin, jangan berhenti dalam mengutamakan, rasa senang dalam hati, semua seisi negara, agar sejahtera dan selamat, bersatu seluruh negeri. | ||
elingana jarwaningsun, ana tutur duk kajarwi, jarwane para sujana, kang wus lantip rasa budi, mungguhe kadang lir lintang, ana wanci tak kaeksi. | ingatlah perkataanku,ada ajaran yang mengatakan, kalimat dari para pandai, yang sudah tajam budi pekertinya, seakan teman bagaikan bintang, ada saat tak dapat terlihat. | ||
nanging boya nganti rangu, ora sipat mbalenjani, rowang kang pindha trenggana, nadyan singep mendung yekti, datan kengguh nora cidra, ngendi papan yen nggoleki. | tapi jangan pernah ragu, tidak berwatak membohongi, teman yang seperti bintang, walaupun tertutup mendung, tidak akan berubah dan tidak akan berbohong, kamu tahu dimana harus mencari. | ||
mula lintang kanggo tuduh, lumaku madyaning ratri, pituduhe datan singlar, mangka keblat yen lumadi, ing kono mungguhe darma, hasta brata ingkang katri. | karena itu bintang juga digunakan untuk petunjuk, berjalan di tengah malam, petunjuknya tidak akan salah, dapat menjadi kiblat jika ada, di situ artinya darma, Hasta Brata yang ketiga. | ||
nuli kapat kang sinebut yeku himanda kaesthi apa tha kang dadi darma tumengeng tawang premadi mega sumungging rerantak naweng ing agraning wukir | |||
rumembe selaning gunung warata datanpa tepi nora gumuk nora jurang |