ꦏꦶꦢꦸꦁ​ꦩꦺꦫꦁ​ꦫꦒ꧉

— ꦫꦶꦪꦺꦴꦥꦿꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀꧉

Durma

amiwiti amungkasi kang pepuncak
bungkah sarining tepi
ngracut kang gumelar
sakala myang niskala
nyigeg osiking pangrasi
esthining raga
gya musna pan aliring

Dhandanggula

sira dewi, kusumaning ati
sasat wengi kang ngupadi rina
lir samodra sung ombake
tulusing katresnanku
datan samudana duh yayi
janji prapteng delahan
nimas kang satuhu
sumilak kang mega-mega
prasetyaku saksi bumi lawan langit
ya mung sira ri nimas.

Sinom

Satata lenggah sang tapa,
Patrap bhirawa pan sakti,
Anyandhak iga wekasan,
Trajumas kacadhak kering,
Amung kari samiri,
Jumeglug swaraning kalbu,
Ohm Hong prayogantara,
Miwiti hangesthi Gusti,
Sinigeg unjaling bajraherawana.
Sun puja sarining candra,
Sun puja sarining tari,
Sun puja sarining surya,
Sun puja sarining angin,
Puja sarining agni,
Muja sidhi bantalaku,
Muja sarining warih,
Nagabandha kang ngupengi,
Ingkang nyangga Sanghyang Naga Antaboga.
Hyang Basuki kang hanyakra,
wesi dladag sendhen mami,
wot ogal-agil kang lamak,
Sun puji sarining Bumi,
Mustika ingarani,
Ardi Harjuna satuhu,
Awit kersaning Hyang Widhi,
Ingkang jumeneng tengahing caksu ingwang.
Asingep sarining mega,
Teken jangeting kang teja,
Langgeng Gusti laku hamba,
Rahayu kang tinemoni,
Jangkep dene amuji,
Mustika sarining manu,
Manusa satuhunya,
Asikep sipating Widhi,
Merang raga Sang wibatsyuh megat suksma.
sang wiku raga minulya
awya tambuh lawan mami
sakadang kang tanpa pegat
angiring sacipta rahsi
punapa tuhu sisip
sinendhal kabirat ngramu
kajarwia kang cipta
lamun silih luput reki
bebendu cinadhang reridu habapang.
Yayah bermara manguswa
puspita banjaran sari
laku sonya merang arga
tetugur hanjedi diri
nyigeg genturing kapti
mekasi kang nunggal bayu
rinacut rinengga suksma
ya ingwang dalang sejati
hulun Om Awighnam Astu Namo Sidhham

Megatruh

Anut lakuning kumara den kawuwus,
Pegating rasa pangrasi,
Lawan wadhag kang satuhu,
Siyaking cipta lawan sir,
Amung pangangen talinya.
Ingsung kumara ing jagad pangrantiku,
Saderma mulat ing nguni,
Mosiking harda kang semu,
Sedya nduwa karsa jati,
Pesthi ingkang wus kinodrat.
Pami yekti sisip dene sun lelaku,
Sapa gene kang miwiti,
Ngrakit wijining sang nepsu,
Yen temen maha ing nguni,
Ya gene tan arsa mbirat.
Nanging sun mung kumara kekandhang tutur,
Mligi mapan ing pangeling,
Borong yen badhe kawuwus,
Badhe diyu apa resi,
Apan ingsun mung kumara.
Parandene sira kang abanda catur,
Adol ucap barang uni,
Sasat weruh punjul wanuh,
Wuwuh sabarang sinanggit,
Cawang pan lidhah lir sarpa.

Pocung

Batinku anggung kasengsem,
duh pengeran sri Yesus kang satuhu,
salam, salim, slamet,
myang jagad saisine.
hya ta sira midangetna,
panglocitaku mring Gusti maha luhung,
kang asipat lir samodra,
amot kamot bebudene.
nadyan ta karoban narmada sewu,
tansah narima apa wae,
tuhu tulus pakartine,
tangguh tan kengguh sang jaladri.
Nora obah nora mosik,
tansah ngugemi darma saking,
Gusti ingkang maha suci,
Kang wenang nggelar lan ngukut bumi.
prasasat sira narmadane
Gusti minangka samudrane,
Sewu dalan kang sira ambah,
Ora wurung mulih mula mulanya.
Nadyan mung priyangga bali kasucen,
Saisining surga kang dadi seksi.
parahita ing kalanggengan,
nyawiji dadi siji ing prajane pengeran.

Tinggalkan Balasan

%d blogger menyukai ini: