Tri Kahana Loka Bab : XXI
POKOK : Guru wewaton kanggo wong laki rabi.
Den sira kawruhana ing ngisor iki njupuk kanggo pathokan saka wong tuwane lanang lan wadon, sarta mara tuwa lanang wadon lan si penganten lanang wadon, gunggunge kabeh ana 6 (nem) dadi PETUNG NEM.
Lakune kaya ngisor iki :
Njupuk naptune manten lanang lan wadon terus digunggung. Upama tumiba dina Jum’at paing naptune ana 15, lan dina Kamis Paing naptune 17. kabeh mau gunggunge ana naptu 32. upama nikahe dina Selasa Paing naptune 12, dadi gunggunge kabeh naptune 44. iku kang diarani wis cukup. Naptu 44 mau banjur dijupuk (6 – 6).
Dadi 44 dijupuk 6-6 utawa dibagi 6, nyisa 2. loro mau petungane dadi Jodho.
Kaya pratelan ing ngisor iki :
- Pati
- Jodho
- Rahayu
- Pegat
- Pandhita
- Pati Besan.